Tembang macapat

Babad Majapait, Tanaya, 1975, #1501

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Majapait, Tanaya, 1975, #1501

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1 dari 2
2–3 dari 6
19–28 dari 53
1.19 nulya mangkat lawan pramèswari | sami nitih ing jêmpana sinang | Ki Jabadbèdri arane | anggêrit sangsam wau | Brawijaya sukanya ngênting | salaminira gêsang | tan kadya puniku | sukanira anèng dunya | katingalan Ki Dilah kang dadi margi | suka Sang Brawijaya ||
1.20 sinakolèh Ki Dilah makarti | apan wau kinulawisuddha | jinunjung wau linggihe | jinênêngakên sampun | Arya Damar sinung nagari | tanah sabrang Palembang | pan kinèn angratu | ginawan bala salêksa | saking Jawi ingakên suta sang aji | dibya pan kinasihan ||
Putri Cina
1.21 sampunira wau lami-lami | kang kocapa wau Putri Cina | ingaturkên mring sang rajèng | saking Raja Cinèku | langkung ayu warnaning putri | yèn ngombe katon lèrnya | lir gêdhah dinulu | saking sampurnaning endah | lamun dhahar katon upan-upannèki | lir widadari kendran ||
1.22 Brawijaya sukanira ngênting | sinaosan putri saking Cina | dadya garwa ingkang anèm | ênting sih mulènipun | pramèswari ing Dwarawati | garwanira kang tuwa | sihira pan kantun | Pramèswari sigra mular | nyuwun pêgat ulihna mring yayah wibi | pan ingsun Putri Cêmpa ||
1.23 Brawijaya sigra dènira ngling | ariningsun yèn sira tan arsa | amaru Putri Cinane | yêkti iku sun tundhung | saking pura ing Majapait | Brawijaya nênurat | surasaning kalbu | kawrat nawala [5] mring putra | sinungakên marang Gajahmada Patih | tinampèn gya manêmbah ||
1.24 pan widagda Gajahmada Patih | wus uninga ciptanirèng nata | glis dandan lumampah age | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalane nguni | tinundhung mantuk sigra | saking Majalangu | nèng Garêsik pamondhokan | pan anganti wadyane sri narapati | kathah kang dèrèng prapta ||
1.25 sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lan Ki Arya | Damar wau nulya lèngsèr | saking lênggahanipun | Patih Gajahmada sigra ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dening sang sri naranata | maringakên garwa-dalêm mring sirèki | putri sing nagri Cina ||
1.26 myang kang layang Prabu Maospait | kinèn maringakên marang sira | nulya tinampenan age | mring Arya Damar sampun | glis binuka sinuksmèng galih | têmbunge kang nawala | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | hèh Sang Arya Damar sira sun paringi | risang putri ing Cina ||
1.27 aja sira rewangi karêsmin | lah antinên ing titipan ingwang | yèn wis babar ing putrane | karsanira puniku | risang putri Cina ing nguni | pan iku garwanira | ywa taha maring sun | saèsthine driyanira | apan kawrat anèng surat ingsun tulis | rampung tata titinya ||
1.28 Arya Damar sigra dènira ngling | lah Kiyai Patih Gajahmada | inggih matura sang katong |[1] sêmbah-ulun anuwun | karan ulun kandhêg Garêsik | alami tan alayar | anganti ing ulun | karsane sri naradipa | rèhning lami ngawula sri narapati | eman ewuh ing lampah ||
2–3 dari 6

 


Biasanya guru lagu e: katèng. (kembali)