Tembang macapat

Babad Majapait, Tanaya, 1975, #1501

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Majapait, Tanaya, 1975, #1501

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
1–2 dari 2
3–4 dari 6
24–33 dari 53
1.24 pan widagda Gajahmada Patih | wus uninga ciptanirèng nata | glis dandan lumampah age | ing Garêsik jinujug | Arya Damar kalane nguni | tinundhung mantuk sigra | saking Majalangu | nèng Garêsik pamondhokan | pan anganti wadyane sri narapati | kathah kang dèrèng prapta ||
1.25 sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lan Ki Arya | Damar wau nulya lèngsèr | saking lênggahanipun | Patih Gajahmada sigra ngling | hèh Risang Arya Damar | ulun pan ingutus | dening sang sri naranata | maringakên garwa-dalêm mring sirèki | putri sing nagri Cina ||
1.26 myang kang layang Prabu Maospait | kinèn maringakên marang sira | nulya tinampenan age | mring Arya Damar sampun | glis binuka sinuksmèng galih | têmbunge kang nawala | pèngêt layang ingsun | Brawijaya Majalêngka | hèh Sang Arya Damar sira sun paringi | risang putri ing Cina ||
1.27 aja sira rewangi karêsmin | lah antinên ing titipan ingwang | yèn wis babar ing putrane | karsanira puniku | risang putri Cina ing nguni | pan iku garwanira | ywa taha maring sun | saèsthine driyanira | apan kawrat anèng surat ingsun tulis | rampung tata titinya ||
1.28 Arya Damar sigra dènira ngling | lah Kiyai Patih Gajahmada | inggih matura sang katong |[1] sêmbah-ulun anuwun | karan ulun kandhêg Garêsik | alami tan alayar | anganti ing ulun | karsane sri naradipa | rèhning lami ngawula sri narapati | eman ewuh ing lampah ||
1.29 Kyana Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah tumamèng nagara | prapta ing Majapaite | risang nata kêpangguh | Patih Gajahmada turnya ris | dhuh Gusti Naradipa | ulun tuwan utus | dhumatêng pun Arya Damar | maringakên surat kalawan sang putri | nuwun turnya pun Damar [6] ||
1.30 data tita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | nulya binabar layare | anuju angin timur | gya lumampah palwanira glis | kadya jaran mangêrap | ing Pulembang[2] rawuh | tumama marang byantara | Arya Damar wus têntrêm ngadhaton adi | mulat praja kasmaran ||
2. Asmaradana
Radèn Sahid Putra ing Tuban
2.01 kunêng gantya kang winarni | kocapa putra ing Tuban | Radèn Sahid duk kesahe | ngabên sawung bêbotohan | kang rama pêgal[3] tyasnya | tinundhung sing wismanipun | kesahe saparan-paran ||
2.02 yèn sampun angabên pitik | kêplèk kècèk gimêr sampak | pakumpulan samya botoh | sakathahe prabotira | têlas karya kasukan | yèn wus têlas prabotipun | murang-murung nabok tiyang ||
2.03 ciptane Rahadèn Sahid | pan lajêng angadhang dalan | ambêbegal pakaryane | sabên-sabên pan mangkana | yèn kalah bêbotohan | angrêbut nèng marga agung | tan ajrih rinampog tiyang ||
3–4 dari 6

 


Biasanya guru lagu e: katèng. (kembali)
Palembang. (kembali)
pêgêl. (kembali)