Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
11 dari 25
39–40 dari 134
385–394 dari 1.340
11.024 yêkti bênêr aturira iki | Jugulmudha tan kêna dèn wasa | lah jalukên têka kene | dene doh parêkipun | lamun nyata kawula gusti | adoh tanpa wangênan | apêrak puniku | tanpa gêpokan ta sira | kanyataan lir sarkara lawan manis | tan kêna pisahêna ||
11.025 apan nyata ya hèh putu mami | padha nunggil rasa [122: ra...sa] lan Jisaka | roro anunggil jatine | mapan têrkaning ulun | lamun jangkêp ing tigang warsi | tan liyan kaki sira | kang mêngku kaprabun | jêr sira kang duwe Jawa | tanah Jawa turun-tumurun ing benjing | tan lyan saking ing sira ||
11.026 kaki putra yèn sira wus olih | dening ujar kang têlung prakara | kang dhihin pêpak wadyane | kapindho sabdaningsun | tiganipun dewa kang luwih | mapan dadi satunggal | yêkti nora wurung | dènira jumênêng nata | nganti sangat sêlêkên nêdha Hyang Widi | sarta lan bratanira ||
11.027 radèn manjing gêguru mring kaki | winuruk malah têkèng kamuksan | têlas kalbune eyange | eca ing raosipun | nulya radèn winuruk malih | karosan [123: karo...san] kadigdayan | ing aprang pinunjul | masalah ngambah sagara | datan têlês tan bawuk pinêndhêm siti | ingobong datan pasah ||
11.028 lan masalah ngèlmu dadya aji | sampun têlas kalbune kang eyang | sampun winurukkên kabèh | wus kawrat jroning kalbu | wurukira Sang Maha Yêkti | purwane dadya dibya | sêkti ambêg sadu | Ki Jugulmudha mêngkana | milu guru Mênawa lawan Mênawi | miwah Bêgja Daulat ||
11.029 lah ta kaki sira sun tuturi | Prabu Jaka sêmayan lan warang | mapan dèn pêsthi têkane | lawan Bok Ratu Kidul | wruhanira ingsun tuturi | wus pasthi karsani Yyang | ingkang dadi ratu | tanah Jawa kuna mula | tan atulus dadya narpati ta kaki | panjênêngan gya sirna ||
11.030 yèn dèn êmong [124] mring Ratu Ngin-angin | iya kang kayangan ing samodra | ratu kang tulus jênênge | ingkang wawuh Bok Kidul | run-tumurun mring jaman akir | nora kasêlan-sêlan | kang wawuh bok ratu | uwa kaki pan kagarwa | nanging besuk turunira jaman akir | pinèt garwa satata ||
11.031 pan kagarwa tane kadya janmi | sacara-caranirèng manungsa | mêngko garwa among bae | tan kadi garwa tuhu | rasa jati tan dèn têmêni | ingkang anunggal rasa | besuk wayah ulun | tatane wong agamèslam | padha sadad nêmbah Hyang Kang Maha Luwih | nagrine ing Mataram ||
11.032 Sultan Mataram bisikèng aji | maksih rare wus kèringan ing rat | ing sabrang sumiwi kabèh | gumantya wayahipun | ingkang dadi ratu linuwih | wis kaki dhinginana [125: dhi...nginana] | samayane iku | saiki Buda Cêmêngan | taun Alip sasi Sura sirah tunggil | lan purnama Galungan ||
11.033 tapanira lah bangunên maning | angèlia marang ing samodra | Jugulmudha bubuhane | ngaita ngalas gunung | wong lêlima ingsun bubuhi | musna Ratu Sindhula | kang kari arêmbug | amuwus Ki Jugulmudha | tuwan sampun suka-suka riya kibir | kêni sikuning dewa ||
39–40 dari 134