Tembang macapat

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Ajisaka, Salamun, 1873, #1502

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
3 dari 25
7–8 dari 134
69–78 dari 1.340
03.011 ing gunung Kêndhêng dèn sêngkalani | kunir awuk tanpa jalu ika | sirah tunggal sêngkalane | gunung Yyang Jabug awuk | nusa Jawa sirnaning bumi | nusa Barong babadnya | nênggih pring sadhapur | nusa Têmbini nir janma | ing Bawean sêngkalane cèlèng mati [24] | babade sirah sanga ||
03.012 ing gunung Agung dèn sêngkalani | tulup kumukus ing wukir Brama | ala radi sêngkalane | ing gunung Mahamèru | nênggih wêlud anglèng ing bumi | tuwin wukir prawata | ing sêngkalanipun | kaya gapura rinupa | ing Arjuna pawaka rodra karêngi | anênggih wukir Pandhak ||
03.013 kang anyăndra ing gunung Mêrapi | bramana lêbu gni punika |[1] wukir Pêndhêm sêngkalane | sarira wong condrèku | wukir Rèngêl sêngkalanèki | ing mănca trus ing lêmah | wukir Surya ngetung | anênggih bahning pawaka | wukir Bancak kurungan aisi pêksi | ing Lawu catur muka ||
03.014 sirnaning wiku ing gunung Sumbing | ala ulu roro kang bujăngga | ing gunung Anyar babade | bahning awarna kukus | gunung Wilis dèn sêngkalani [25: sêngkala...ni] | karo asêmpal pangnya | myang ing wukir Kidul | gunaning wong yèn ingetang | jênêngipun sang wiku ing Dhangdhanggêndhis | saya ginuron ing rat ||
03.015 tata-tita yarta sasampuning | midêr ing rat nyăndra pagunungan | warata sakèh ardine | wus cinăndra sadarum | saking Bantên Jakarta prapti | lajêng dhatêng Karawang | ing Carêbon rawuh | nuli ngancik Bêrbês Têgal | myang Pamalang kèndêl ing Ngastina Pati | Batang Kêndhal wus kambah ||
03.016 mring Kaliwungu ngancik Sêmawis | mring sêgara lir ngambah dharatan | anacahkên pulo kabèh | gancaring caritèku | tan ingucap anuli prapti | pulo Kojor araryan | nulya ngancik sampun | pulo Majêthi samana | sabat kalih pun Dora Sêmbada kari | atunggu rukma kala ||
03.017 sami pinêndhêm pulo [26] Jamêthi[2] | Jisaka kentar mring Danaraja | lajêng mring Pajang kuthane | saênggone mêmuruk | kerut padha anyabat sami | dhatêng ing Surapringga | wangsul ngilèn sampun | marang nagari ing Mêdhang | ing Balêbêr Jisaka kalêson kampir | wismèng Răndha Sêngkêran ||
03.018 dhukuh sakèhing kang duwe panti | Răndha Sêngkêran mukti wibawa | akathah anak putune | Răndha Sêngkêran iku | têtilare kyai apatih | tan duwe anak lanang | mung jugèstri ayu | lagya birai ing sêkar | wastanira Rara Dèwi Rarasati | ayu punjul sapraja ||
03.019 midêr ing rat tan antuk kêkalih | datan wontên ingkang umiriba | marang sang rêtna citrane | kunêng ingkang winuwus | nyai Răndha Sêngkêran mijil | kagyat ana dhatêngan | gupuh-gupuh wangsul | pawongan [27: pawong...an] kèn gêlarana | lampit ngandhap tinumpang klasa panjalin | sayana nginggil pisan ||
03.020 parêkan mijil kinèn ngaturi | sampun kerid Ajisaka lênggah | pra sabat munggèng wurine | lungguh ing lante alus | pasugata wohan sumaji | dènnya lênggah Jisaka | amardapa mungguh | bok răndha jêngêr tumingal | têtamunya bagus anom èsmu wingit | kêmbar lan putra nata ||
7–8 dari 134

 


Kurang satu suku kata: bramana lêbu gêni punika. (kembali)
Majêthi. (kembali)