Tembang macapat

Wulang Rèh, Langê, 1858, #1523

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Rèh, Langê, 1858, #1523

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 12
23–24 dari 26
223–232 dari 256
12.14 tapa kinarya rêragi | sainggane ingkang ulam | yakti asêpa rasane | lamun tan nganggoa uyah | trasi brabang[1] bawang |[2] eca ingkang kaduk bungbu[3] | kapanggih raosing ulam ||
12.15 wong kang tan sinung rêjêki | dumadakan sungkan [[27]: sungka...n] tapa | awêdi wêtênge luwe | bata watu sok kolua | iya iku wong murka | nora nana nalaripun | amung panganan kewala ||
12.16 kang sinung rahmating Widi | datan arsa calokopan | lan tan ana parêmêne | alumuh pan kawoworan | amung madhêp satunggal | tingale dadya sumurup | amung tingal kang sinêdya ||
12.17 marmane alinggih sêpi | dèn arsa-arsa kawora | liyan saking panêdhane | puniku kang sampun têka | amrih sira awora | kalawan kuranganipun | wêkasan ambadan suksma ||
12.18 mulane nora pinanggih | sakèhe ingkang sinêdya | kaworan jro tingale |[4] marma jêng nabi utusan | tan arsa ngulah sastra | amung salat kang kaetung | datan arsa kawoworan ||
12.19 mangkana Susunan Giri | amêrtapa tigang wulan | nulya miyos karamate | kang sela pan dadi liman | nulya banjur angluwat | kawan dasa siyang dalu | apan dadya waliyulah ||
12.20 Sèh Mêlaya tigang sasi | kang asramèng Kalijaga | ing pulo Upih ênggone | sêsèndhèn kayu gulinggang | wus jangkêp tigang wulan | wraksa tuwuh pan angrêmbyung | pan dadya wali utama ||
12.21 sun kira janjining Widi | yèn wong andhêdhangir badan | yèn olih tigang wulane | yèn têmên-têmên ing manah | sabarang kang sinêdya | tinêkanan mring Hyang Agung | apa barang khajatira ||
12.22 sawênèh kudu amukti | ananging lumuh kangelan | ing wong kuna pituture | sapa kang ngurangi pangan | tingal padhang nêrawang | ingkang budhug ngamuk-amuk | sungkanan sabarang karya ||
12.23 pêpadhane lare alit | kang kakehan nusu [[28]] biyang | angêsèd barang gawene | balilu sarta sungkanan | najan lanang wadona | adoh kasutapanipun | tan dadi ngamal jariyah ||
23–24 dari 26

 


brambang. (kembali)
Kurang satu suku kata: trasi brambang lan bawang. Bandingkan: têrasi lawan bawang (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.14.5). (kembali)
bumbu. (kembali)
Kurang satu suku kata: kaworan jêro tingale. Bandingkan: kawoworan jro tingale (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.18.3). (kembali)