Tembang macapat

Wulang Rèh, Langê, 1858, #1523

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Rèh, Langê, 1858, #1523

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 12
23–24 dari 26
229–238 dari 256
12.20 Sèh Mêlaya tigang sasi | kang asramèng Kalijaga | ing pulo Upih ênggone | sêsèndhèn kayu gulinggang | wus jangkêp tigang wulan | wraksa tuwuh pan angrêmbyung | pan dadya wali utama ||
12.21 sun kira janjining Widi | yèn wong andhêdhangir badan | yèn olih tigang wulane | yèn têmên-têmên ing manah | sabarang kang sinêdya | tinêkanan mring Hyang Agung | apa barang khajatira ||
12.22 sawênèh kudu amukti | ananging lumuh kangelan | ing wong kuna pituture | sapa kang ngurangi pangan | tingal padhang nêrawang | ingkang budhug ngamuk-amuk | sungkanan sabarang karya ||
12.23 pêpadhane lare alit | kang kakehan nusu [[28]] biyang | angêsèd barang gawene | balilu sarta sungkanan | najan lanang wadona | adoh kasutapanipun | tan dadi ngamal jariyah ||
12.24 akumêl tur tuna budi | upamane ngadu akal | pan sakêdhik bêcikane | ngangkah ala kang sinêdya | adoh ing kabêcikan | lare ingkang kurang susu | sinung akal kang waspada ||
12.25 mulane kang dhingin-dhingin | anak lanang sinugata | ngamal jariyah arane | yèn kang olih kanugrahan | kinudang anak lanang | nyawêrgakakên[1] mring biyung | atanapi marang bapa ||
12.26 lare kang tuwa sinapih | awèh doraka[2] mring biyang | atanapi mring bapane | angèl kalamun malêsa | dadah dulanging biyang | saya tuwa dadi mungsuh | dhasar bèbète wong edan ||
12.27 cècèkaning ujar sêrik | mênêng-mênêng olih ujar | sabab katuwan sapihe | luwange kêna winilang | pêrnatane[3] wong desa | sinusonan têlung taun | jaga pikul ing têtăngga ||
12.28 emane dèn ithik-ithik | alit mila sinusonan | pan dadi pêpikuling wong | angur matia duk bocah | lagya lit pan dinulang | wis tuwa dadi pêpikul | binuntêk duk sêsapihan ||
12.29 luhung dadia pêngarit | pan ora dadi pocapan | kang luwang calimude |[4] ambêlèsèr duwèn liyan | durjana lan totohan | ngulêr ambêlêr munthangul | apan asring ambêbegal ||
23–24 dari 26

 


nyawargakakên. (kembali)
duraka (dan di tempat lain). (kembali)
pranatane. Bandingkan: yèn anaking (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.31.5). (kembali)
Kurang satu suku kata: ingkang luwang calimude. Bandingkan: kang kaluwang calimude (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.33.3). (kembali)