Tembang macapat

Wulang Rèh, Langê, 1858, #1523

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Rèh, Langê, 1858, #1523

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 12
25–26 dari 26
246–255 dari 256
12.37 asuka bandhang sasuwir | sok uga warêga mangan | têka wruh ing atine |[1] iku mêrtabating misa | yèn uwis warêg mangan | anggêgayêmi ajêrum | budine tan nêdya mundhak ||
12.38 wong mlarat sangsaya miskin | labête sungkan atapa | miskin katutuh arane | ing wong mukti sugih tuman | lamun adêdagangan | dumadak bathine agung [[30]] | wong miskin dumadak tuna ||
12.39 kadya gênti iku nênggih | lare anom kang mêrtapa | katêmu tuwa muktine | lare ingkang doyan mangan | tutug duk lagi bocah | mêlarat katêmu sêpuh | anênagih tanpa potang ||
12.40 pêksane kudu amukti | pan tan duwe kasutapan | lumuh kangelan karepe | sapa ingkang anyaura | sanadyan akasaba | yèn tan ana potangipun | nadyan sugiha kalintang ||
12.41 wus lumrahe ing wong miskin | doyan turu doyan mangan | datan ana tirakate | angur sapi lan maesa | dadi lêbuning swarga | pan sato pêpadhanipun | wong doyan mangan nendra |[2]|
12.42 wiwitan katuwan sapih | alumuh kuranga mangan | têtêp mlarat lan miskine | akalis ing kabêcikan | kadi lênga lan toya | êmoh angrungu pitutur | kang dadi mring kabêcikan ||
12.43 datan nêbut yèn aguling | kadi turuning maesa | sato mati pêpadhane | sato kang wênang pinangan | iku pêpadhanira | tan arsa wuruk wong sêpuh | atêbih ing kabêcikan ||
12.44 iya iku sato mati | wong tuwa ingkang doraka | pantês pinangan daginge | caritane Ratu Baka | iku ingkang pinangan | ewancina ing wong sêpuh | wong tuwa kang tanpa karya ||
12.45 wangêne lare sinapih | pitung wulan sangang wulan | utawa ing sawêlase | utawa si rolas wulan | kalamun lare lanang | tiga wêlas umuripun | watês pitulas kang madya ||
12.46 yèn kongsi luwiha ugi | dadi pintêre kapalang | dhasar katuwan susone | poma padha dèn prayitna | kang padha maksih mudha | ing besuk lamun sasunu | dèn padha [[31]: pa...dha] prayitnèng driya ||
25–26 dari 26

 


Kurang satu suku kata: têka wêruh ing atine. Bandingkan: têka aturu atine (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.41.3). (kembali)
Kurang satu suku kata: wong doyan mangan anendra. Bandingkan: wong anggung mangan anendra (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.46.7). (kembali)