Tembang macapat

Wulang Rèh, Langê, 1858, #1523

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Wulang Rèh, Langê, 1858, #1523

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12 dari 12
22–23 dari 26
213–222 dari 256
12.04 sangsaya tuwa pinanggih | daulatipun akathah | pan wus jangjining Hyang Manon | duka pan amanggih suka | suka amanggih duka | saking adiling Hyang Agung | siji winalês sadasa ||
12.05 siji dina ngangirangi | winalêsan sadasa dina |[1] kamuktèn dening Hyang manon | sarta sinungan nugrahan | kang sapa wonge kirang | kalawan prihatinipun | Hyang Suksma amalês suka ||
12.06 dèn emut sira ja lali | ing wong amarêgi pangan | niyata kirang turune | duk lare tumêkèng tuwa | nora prihatin pisan | dadi mêlarate muput | pan ora antuk kabêgjan ||
12.07 mila wong kina linuwih | sinungan tingal waspada | sab kirang [[26]] dhahar lan sare | dadi sidik ing pangucap | sarta trus ing paningal | anêrawang jroning kalbu | gêsang tumêkèng antaka ||
12.08 aja dumèh sugih ngèlmi | sanadyan ana sabodhag | yèn tan nglakoni tapane | dadine wong kêbrabeyan | dunya kerat mêlarat | yèn kalakon tatanipun | datan ngaji ing manusa ||
12.09 sinung tingal ingkang galib | wêruh mring suruping pêjah | tan samar pêlawangane | kabuka ing ngèlmu rasa | barkating kasutapan | olih pituduhing guru | awas marang kang sinêmbah ||
12.10 ingkang sinungan kamuktin | tansah wijiling ngatapa | rêmbêsing madu sangkane | wong kang sinungan mêlarat | wong loba alit mila | lumuh kirang mangan turu | dadi alame mêlarat ||
12.11 wus jamake ing wong miskin | lumuh kirang turu mangan | panrima agêng tinjane | mêlar dubure pan ămba | sangsaya tutug mlarat | duk anom tumêkèng sêpuh | iku tandhane wong loba ||
12.12 muktine pinanggih wuri | anyêgah turu lan pangan | saya tuwa pinanggihe | kamuktèn dening Hyang Suksma | duk anom ulah tapa | anglarani raganipun | sêlamêt dunya ngakerat ||
12.13 yèn dalu datan aguling | lamun siyang datan dhahar | sinamur sajro driyane | langkung ing prihatinira | amung ingkang sinêdya | amrih katrima kang ngèlmu | iku kang laku utama ||
22–23 dari 26

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: winalês sadasa dina (Babad Sêngkala, British Library (Add MS 12322), Pupuh 1.5.2). (kembali)