Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
40 dari 57
179–180 dari 241
1.783–1.792 dari 2.402
40.003 Panêmbahan Purbaya nèng ngarsèng sultan | prituwin rayi-rayi | Jêng Pangeran Arya | Wiramênggala seba | myang Dipati Singasari | lan Têpasana | sadaya sami nangkil ||
40.004 Ki Dipati Juminah sampun sewaka | prituwin Mangkubumi | Pangran Kapugêran | lawan pangeran dêmang | ing ngriku prasamya nangkil | santana kapya | Dipati Sokawati ||
40.005 Dyan Dipati Balitar sampun aseba | miwah para bupati | nênggih Martasana | lan Prawirataruna | Pulangjiwa wus anangkil | Răngga Lêlana | myang Radèn Wirasari ||
40.006 Sang Dipati Martapura sampun seba | prituwin Adipati | Pamênang [2: 179] wus sowan | Dipati Pringgalaya | ing ngriku pan sampun maswi | lan Somayuda | Sang Dêmang Malangnakil ||
40.007 Ki Tumênggung Asmaradana wus sowan | myang Radèn Wirasari | Dyan Prawiradona | Rahadyan Towèngsara | Ki Tumênggung Nêbdakardi | Arya Nagara | Sang Arya Dhadhaptulis ||
40.008 Ki Tumênggung Jagabaya anèng ngarsa | lan Riya Mênggala di | Ki Malangsumirang | Ngabèi Nayahita | sira Panji Wirabumi | Astrawadana | Arya Panular nangkil ||
40.009 Ki Ngabèi Radhêgan Somasêtika | Kandhuruhan ing Wêdhi | lan Kartamanggala | lan Kyai Wiraguna | Dipati Sampang wus nangkil | lan Numbakanyar | sèwu cacahing bumi ||
40.010 wong bumija panumping lawan panêkar | ngriku pan sampun maswi | janma gêng sisihnya | prituwin wong asasra | punika kang samya nangkil | pan sampun pêpak | ingkang para dipati ||
40.011 wong Banyumas kêlawan wadya Pasundhan | tuwin bala pasisir | Cirêbon wus seba | lan Dipati Sumêdhang | Barêbês lawan wong Têgil | wadya Pamalang | Wiradesa wus maswi ||
40.012 wong Madiun Balega lan Pakacangan | Kaduwang Jagaragi | Pranaraga sowan | mring ngarsa kangjêng sultan | tan kawarna mantri alit | gêdhong kêparak | wêdananya winarni ||
179–180 dari 241