Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
46 dari 57
198–199 dari 241
1.977–1.986 dari 2.402
46.030 nora isin bêlis setan Endranata | mau malik kulambi | arêp ingsun tumbak | umpêtan amor kumpra | sira dêlaping wong urip | eman jêng narpa | maringi tunggak sêmi ||
46.031 eman linggih lampit dhèyèn gêndhaga |[1] si edan wêdi mati | duraka nèng dunya | Endranata awirang | gya mundur linggih ing wuri | sarwi angucap | nanggap wong kêna sarik ||
46.032 Sawunggaling pan sampun katur babadan [2: 207] | tinari mati pa urip |[2] milih pinêjahan | wirang lamun gêsanga | mendah pocapaning janmi | wus pinêjahan | warnanên sri bupati ||
46.033 angandika jêng narpa mring Alap-alap | sira mentara aglis | lan Si Jagabaya | myang Si Arya Panular | kapat Arya Wirapati | lan wong Mataram | mèlua urun baris ||
46.034 boyongana marang nagara Santênan | poma sira dèn bêcik | yèn ana kang băngga | anuli patènana | kang băngga lamun wus mati | sira boyonga | bojone ja na kèri ||
46.035 sarupane kabèh wong wadon Santênan | yèn bojoning priyayi | ya sira tandhua | ja kongsi laku dharat | kalawan gowoa joli | bok ipe benjang | tugangna ing joli |[3]|
46.036 Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | Panular Wirapati | wus sami tur sêmbah | nulya budhal sadaya | datan kawarna ing margi | warnanên sira | Mangunjaya kang prapti ||
46.037 wus malêbu jroning pura tur uninga | mring garwane dipati | yèn kang raka seda | tumpês sabalanira | ya ta kang garwa samyanjrit | wong dalêm pura | gumuruh samya nangis ||
46.038 sêsambate pan sami amêlasarsa | umyang swaraning tangis | lir pendah ampuhan | sakèhe para garwa | tuwin kèhe para cèthi | aniba-niba | wênèh gumuling siti ||
46.039 putranira kang awasta Radèn Răngga | samya dipun tangisi | adhuh putraningwang [2: 208: putra...ningwang] | êndi ta ramanira | sapa wêlas sira gusti | namung ramanta | kakang êmas dipati ||
198–199 dari 241

 


Kurang satu suku kata: eman linggih lampite dhèyèn gêndhaga. (kembali)
Lebih satu suku kata: tinari mati pa rip. (kembali)
Kurang satu suku kata: tunggangêna ing joli. (kembali)