Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 57
203 dari 241
2.021–2.030 dari 2.402
47.012 duk bêdhahe nagari ing Pathi | sinêngkalan sirnaning pandhawa | tinata ratu[1] babade | samana Sultan Agung | amariksa marang sang putri | purwane lakinira | wani marang ingsun | umatur yèn Endranata | ingkang dados setan [2: 214: se...tan] angojok-ojoki | jêng sultan gya ngandika ||
47.013 Kangjêng Sultan enjinge tinangkil | miyos siniwèng para nararywa | munggèng sitinggil wadyandhèr | pinarak dhampar prabu | Martalulut dipun timbali | lawan Singanagara | ngandika sang prabu | Martalulut Singanagra | lah sudukên Si Endranata dèn aglis | ana ing ngarsaningwang ||
47.014 wadya umyat sadaya klangkung jrih | dene sangêt dukane jêng sultan | muka konjêm siti kabèh | Endranata wus lampus | gya binêdhèl ususe mijil | wus kinarya tingalan | munggèng pasar agung | jêng sultan kondur ngadhatyan | sampun bubar kang sinewa ing sitinggil | kang mati nora kocap ||
47.015 mapan sampun ing antara lami | kangjêng sultan miyos siniwaka | pêpak wadyabala kabèh | pra santana nung-anung | Panêmbahan Purbaya nangkil | munggèng ngarsa jêng sultan | kang tinantun rêmbug | ingkang sinuhun ngandika | lah ta uwa Purbaya mangkya dipundi | prakawis Surabaya ||
47.016 pan ing mangke wartane wus lalis | ingkang kari amung atmanira | Ki Mas Pêkik jêjuluke | ing mangke karsaningsun | Ki Mas Pêkik kula timbali | manirarsa uninga | Panêmbahan matur | punapa sakarsa sultan | gih kang uwa dhèrèka langkung prayogi | Mas Pêkik tinimbalan ||
47.017 sri narendra [2: 215: na...rendra] minta duta aglis | Alap-alap sira ingsun duta | marang Surabaya mêngko | lawan gowoa batur | boyongana Radèn Mas Pêkik | saanak rabènira | kang kinon wotsantun | Ki Alap-alap wus budhal | kancanira sakawan mantri lit-alit | tan kawarna ing marga ||
47.018 pan gêlising carita wus prapti | Surabaya Mas Pêkik pinanggya | anèng ing padhukuhane | Rêrêpèh wastanipun | Alap-alap wus tata linggih | gya dhawuhkên timbalan | kawula ingutus | dening raka jêngandika | kangjêng sultan ing mangke arsa kêpanggih | kalawan jêngandika ||
47.019 gih paduka ngandikan dèn aglis | aprituwin sagarwa andika | sampun kantun sawarnine | katimbalan sang prabu | tan lênggana Radèn Mas Pêkik | sigra nuli adandan | sak nak-putunipun | Ki Alap-alap utusan | mring tumênggung samana sampun miranti | samya kinon adandan ||
47.020 angiringna Rahadyan Mas Pêkik | dèn rumêksa yèn ana dêdalan | wus samya tinata kabèh | anulya budhal sampun | Alap-alap myang Dyan Mas Pêkik | tuwin wong Surabaya | rumêksa ing pungkur | datan kawarna ing marga | sampun prapta padhusunan Butuh nguni | arsa ngujung astana ||
47.021 pan asare nang dagan saratri | Radèn Mas Pêkik langkung mêmuja | ing madya latri wancine | ana swara karungu | paring pemut mring Dyan Mas Pêkik | hèh thole [2: 216] Surabaya | wruhanira besuk | iya ana panjênêngan | tanah Pajang mas putu na kang dadya aji |[2] iya ing Wanakarta ||
203 dari 241

 


Tanggal: sirnaning pandhawa tinata ratu (AJ 1550). Tahun AJ 1550 jatuh antara tahun Masehi: 31 Agustus 1628 dan 19 Agustus 1629. (kembali)
Lebih satu suku kata: tanah Pajang mas putu na kang dadya ji. (kembali)