Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
47 dari 57
206–207 dari 241
2.057–2.066 dari 2.402
47.048 tanah Jawi ingsun kang ngrêngsiki | wus arata pra ratu sumewa | ingsun pêrangi kasore | mulane Giri iku | tan sun rusak iku ta yayi | ingsun kalahi ing prang | durung [2: 222: du...rung] mangsanipun | pinêsthi ing Giripura | myang pandhita kang timbang jayaning jurit | asor ungguling aprang ||
47.049 sakathahe pandhita ing Jawi | pêsthi kalah marang lakinira | wus kasoran lêlakune | Susunan Giri iku | iya guru ingkang sayêkti | Susunan Ngampèldênta | iku purwanipun | kang tapa sakèh pandhita | tanah Jawa sadaya samya lumiring | marang Jêng Ngampèldênta ||
47.050 tur sêmbah sang dyah tinundhung mulih | sampun prapta ing Kasurabayan | wus panggih lan raka mangke | anêmbah ngaras suku | kangjêng ratu mring sang dipati | garjita ing wardaya | praptane riningsun | anarka yèn ana karya | Adipati Surabaya wruh ing wangsit | kèndêl tanpi sasmita ||
47.051 tan winarna lamine ing mangkin | Ratu Wandhansari sinarenan | lamine tan kadya mangke | sasampunnya pulangyun | garwa matur mring raka bisik | wus brastha aturira | pangandika prabu | Ki Dipati Surabaya | ingsun nyana pan datan kadya puniki | karsa dalêm jêng sultan ||
47.052 yèn wêruha karsaning narpati | amrih ngrusak ing Giri pandhita | pinrih idhêpe bêktine | kagêgêm ngastaningsun | pan wus ana sêlaning driji | pandhita ing Prawata | sun duga ing kalbu | lah iya mosa mênanga | upamane lir mijêt uwohing ranti | wus pêsthi lamun bêdhah ||
47.053 ariningsun sira sun jatèni | Rajèng Giripura Raja Cina | bênêr karsane sang rajèng | yèn mêngkono riningsun | payo padha saos [2: 223: sa...os] ngarsa ji | Dipati Surabaya | sigra lumastantun | prapta ngarsaning jêng sultan | angandika yayi dèn kaparèng ngarsi | kang pêrak lawan ingwang ||
47.054 yayi ana rasane kang ati | adipati alon aturira | yèn marêngi karsa rajèng | kawula ayun gêmpur | andhatêngi mêngsah narpati | anênggih Rajèng Cina | mirantos ing Gunung | wong Surabaya babêkta | yèn marêngi ing karsa paduka gusti | kawula mit ngayuda ||
47.055 wontên dene rayi paduka ji | amba tilar wontên ing Mataram | mangke katura sang rajèng | wontêna ing kadhatun | wong pawèstri mindhak ngribêdi | botên dadoskên rowang | prakawis prang pupuh | botên wande dados băndha | têmahipun anglêmpêrakên ing jurit | pijêr angrêmbag garwa ||
47.056 kangjêng sultan gumujêng gya angli[1] | karsaningsun yayi garwanira | sira gawaa ing mangke | pan uwis sêdyaningsun | kagarwaa sadulur mami | barênga pêjah gêsang | lawan lakinipun | pan wus wiyahing wanudya | yèn kang lanang kasor prang sigra ngêmasi | bojo dadi boyongan ||
47.057 Pangran Pêkik tumungkul wotsari | anuwun sih dalêm padukendra | tan lênggana ing karsane | têlas wêling sang prabu | Pangran Pêkik lawan kang rayi | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | jêng sultan alon ngandika | mring dyah ratu hèh yayi aywa gumingsir | barênga pêjah gêsang ||
206–207 dari 241

 


angling. (kembali)