Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 57
12–13 dari 241
115–124 dari 2.402
05.026 panandêre gagakrimang kadya kilat | Arya Jipang wus prapti | sawetan bangawan | Sore katon gumawang | wong Pajang samya ningali | yèn Arya Jipang | nandêr prapta pribadi ||
05.027 wong ing Pajang ing Sela prasamya surak | tindhihira nèng ngarsi | prawira tamtama | samya prawirèng yuda | mapankên gamanirèki | Sang Arya Jipang | mèsêm tan paja miris ||
05.028 sru sêsumbar Pangeran Arya Panangsang | rêbutên ing ajurit | lah payo wong Pajang | padha barênga mara | sira anantang mring mami | payo nabranga | marang wetan bênawi ||
05.029 wong ing Pajang nauri sira nabranga | mangulon sun tadhahi | tan bêtah miyarsa | sira Arya Panangsang | talingannya lir sinêbit [1: 19: sinê...bit] | Sang Arya Jipang | kudane dèn camêthi ||
05.030 tan antara turăngga gêbyur ing toya | gagakrimang anglangi | suka wadya Pajang | wruh Arya Jipang nabrang | sapraptanira ing pinggir | wadya tamtama | angrubut ngrampog wani ||
05.031 Arya Jipang wus mêntas saking bêngawan | wong Sela anadhahi | lawan wong tamtama | rinampog Arya Jipang | sinosog ing ngarsa wuri | tatu lêmpèngnya | jaringanira mijil ||
05.032 tan rinasa malah sinampirkên marang | sarungan ususnèki | lan ngamuk manêngah | tan kandhêg amarjaya | wong ing Pajang anadhahi | sami sarosa | riwut awuru gêtih ||
05.033 Arya Jipang ngamuk lir banthèng katawan | singa katrajang ngisis | tan mulat ing ngarsa | mêrêm pangamukira | wong Pajang kathah ngêmasi | piyak ing ngarsa | ing wuri anangkêpi ||
05.034 kadya Abimanyu rinêbut Kurawa | Sang Arya solahnèki | wong Pajang myang Sela | kathah longe kang pêjah | nanging tan ana ngunduri | dènnya tumingal | mungsuhe mung sawiji ||
05.035 ya ta wau Dyan Ngabèi Loringpasar | awas dènnya ningali | wadyanya kèh pêjah | ingamuk Arya Jipang | sigra Rahadèn Ngabèi | mangsah ing rana | têtulung ing wadya lit ||
12–13 dari 241