Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5–6 dari 57
14 dari 241
131–140 dari 2.402
05.042 Ki Tumênggung Mataun mangsah ing yuda | sêdya bela ing gusti | angamuk manêngah | tinadhahan ing kathah | ki tumênggung wus ngêmasi | murda tinigas | anèng madyaning jurit ||
05.043 gya pinanjêr anèng pinggiring bangawan | punggawanya gêng alit | ing Jipang kèh prapta | muntab ngêbêki papan | sang arya sedanirèki | pan sinêngkalan | wiku sapta hèr nabi |[1]|
05.044 wadyanira ing Jipang tanpa wilangan | nanging sadaya sami | kandhêg lampahira | anèng wetan bêngawan | duk myarsa gustine lalis | wadya ing Jipang | tyasira samya kingkin ||
6. Asmaradana
06.001 sira Rahadèn Ngabèi | Loringpasar asêsumbar | astane angawe-awe | hèh wong Jipang kawruhana | gustimu wus palastra | utawa pêpatihipun | iya wis padha palastra ||
06.002 sun panjêr sirahirèki | anèng pinggiring bangawan | apa karêpira mangke | yèn sira pêksa manglawan | abela gustinira | payo nabranga sadarum [1: 21: sadaru...m] | marang kuloning bêngawan ||
06.003 sagêndhingmu sun tadhahi | samana wadya ing Jipang | sadaya kêkês manahe | rinasa datan kawawa | yèn lawana ing yuda | de gustine wus kasambut | wus rêmbug sadayanira ||
06.004 gya nabrang bangawan sarwi | anggulung banderanira | nungkul ambongkok waose | wus tinampan wadya Pajang | wong Jipang panungkulnya | Kyai Juru nulya kundur | sawadyane masanggrahan ||
06.005 wus prapta pakuwon sami | Kyai Juru angandika | mring Manahan Pênjawine | paran mêngko rêmbugira | de wus rampung ing karya | ingkang liningan umatur | sumăngga karsa paduka ||
06.006 kawula darmi nglampahi | punapa ing rèh paduka | Ki Juru ngandika alon | patine Si Arya Jipang | sutanta kang marjaya | yèn sira matura tuhu | iya marang kangjêng sultan ||
06.007 kalamun putranirèki | Si Ngabèi Loringpasar | iya ingkang olèh gawe | amatèni Arya Jipang | sêtun ganjaranira | arta busana kang luhung | iku watara manira ||
14 dari 241

 


Tanggal: wiku sapta hèr nabi (S 1477). Tahun Masehi: 1555–6. (kembali)