Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52 dari 57
216–217 dari 241
2.157–2.166 dari 2.402
52.018 panggêdhene kang Walănda | kang marentah gung Kumpêni | Kapitan Jangkung wastanya | dêdêgira agêng inggil | ing sabrang tan na tandhing | jurite Kapitan Jangkung | kapitan kang satunggal | Bèllêm wastaning Walandi | kang satunggal Kapitan Hondrus wastanya ||
52.019 wontên malih wastanira | Kapitan Talo kang nami | Kapitan Pandras satunggal | kalawan Kapitan Wili | prituwin Pèsêl Hèndrik | kaastha Kapitan Gobru | petoripun satunggal | nêm bêlas kaptèn tamtènis | lopèrèse kathah tan kêna ingetang ||
52.020 sadina-dina mêlatar | tambur alêrêm tinitir | sadaya samya bêg pêjah | pan Walandi ingkang cilik [2: 239: cili...k] | manahira atintrim | Walănda tan kêna mêtu | lah ing ngriku saksana | kocapa wadya Matawis | Ki Dipati Mandura anata wadya ||
52.021 sagunging para bupatya | pasisir wus dèn timbali | Ki Baurêksa wus prapta | Anrangbaya sampun prapti | Barêbês lawan Têgil | Caruban Ngraku wus rawuh | Gêmbong lawan Pamalang | Pêmambêng myang Wiradèsi | Batang Kêndhal Kaliwungu myang Samarang ||
52.022 ing Dêmak Kudus Japara | ing Rêmbang tuwin Juwani | pan sampun prapta sadaya | ing Nglasêm lawan ing Tubin | Sêdayu myang Garêsik | Lamongan lan Surèngkewuh | miwah nagara Sampang | pan kinèn mêdal ing warih | anjagani mungsuh kang mêdal lautan ||
52.023 Dipati Mandurarêja | ngandika mring pra bupati | wadya pasisir sadaya | ing mangke inggih prayogi | ginêcaka tumuli | kitha Jakarta puniku | wong Jawa sampun brastha | samya aseba mariki | wong jro kutha mung kari wadya Walănda ||
52.024 Ki Baurêksa tur sêmbah | yèn parêng karsa kiyai | wadya kang mêdal nglautan | punika kang dèrèng prapti | rumiyin sampun janji | ing ayuda barêng lêbur | gêcak wadya Walănda | ing mangke lamun suwawi | ingêntosan sadina myang kalih dina ||
52.025 Dipati Mandura rêmbag | anurut aturing dasih | Dyan Tumênggung Baurêksa | miwah wadya ing pasisir | mapan arêmbag sami | ngriku kèndêl kalih dalu | ênêngêna samona [2: 240] | kocapa Rajèng Matawis | anèng pura pinarak lawan kang uwa ||
52.026 kangjêng sultan gya ngandika | lah uwa Purbaya inggih | jêngandika anusula | amayungana ing jurit | jêngandika tuwani | wadya kang mêtu ing laut | nanging wêkas manira | sampun paduka têmêni | jêngandika damêl tăndha tilas yuda ||
52.027 Panêmbahan Purubaya | tur sandika sigra pamit | wus mêdal jawining pura | panêmbahan wus lumaris | nanging tan mawi baris | namung ingkang wayah sunu | kapêdhak tuwin lurah | punika ingkang tut wuri | tan kawarna ing marga praptèng Jêpara ||
216–217 dari 241