Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
52 dari 57
215–216 dari 241
2.143–2.152 dari 2.402
52.004 astranăngga patrajaya | jagasura jodhipati | gowong lawan wong margăngsa | tuwaburu samya nangkil | prituwin pra dipati | atembak samya supênuh | miwah para sêntana | kamisêpuh pan sumiwi | wong pasisir kalawan [2: 236: kala...wan] măncanagara ||
52.005 kangjêng sultan lon ngandika | dhumatêng Ki Adipati | Mandurarêja wastanya | kaki andika ing mangkin | lumampah andon jurit | dadya senapatinipun | wong pasisir sadaya | andika abêna jurit | mring Jakarta kancikan dening Walănda ||
52.006 pan nagari ing Jakarta | bupatine wus kalindhih | punika dika rêbuta | poma kalahna Walandi | sakèh wadya pasisir | sadaya adunên pupuh | Dipati ing Mandura | matur sandika wotsari | sri narendra aris dènira ngandika ||
52.007 pêkênira ambêtaa | mariyêm ingsun kêkalih | lawan mêdala nglautan | pasisir kêrigên sami | dipati nêmbah amit | dhatêng jawi laju kondur | tan dangu praptèng wisma | santanane ki dipati | samya prapta kang tuwa anom sadaya ||
52.008 Dipati Mandura mojar | mring santana myang pra rabi | lah sira padha kèria | ingsun pan kinèn ajurit | pêrange wong pasisir | ing Jakarta kinèn gêmpur | anundhung Si Walănda | sakèh nak putu myang rabi | sarupaning santananingsun sadaya ||
52.009 lah iya pangrasaningwang | kaya ingsun ora mulih | nadyan sun mênanga yuda | tan wruh ing Mataram malih | para garwa miyarsi | sabdanira kakungipun | sadaya pan karuna | sêsambate ngandik-andik | sarupane anak putu kang wanudya ||
52.010 samya anangis sadaya | kadipundi ki dipati | paduka dene ngandika | têka [2: 237] amarasi galih | kang raka ngandika ris | wus tinakdir ing Hyang Agung | lah wis padha kèria | dèn abêcik anèng puri | măngsa wurung sira nusula maringwang ||
52.011 sigra Pangeran Mandura | ngrasuk busananing jurit | santana pêpak sadaya | prituwin wadya pasisir | sampun dipun utusi | ingkang kantra agêng mêtu | sigra Ki Baudhêndha | sampun angutusi malih | kinèn cawis sadandananing ayuda ||
52.012 Dipati Mandurarêja | budhal saking ing Matawis | prituwin Dipati Sampang | Surabaya myang Garêsik | Nglamongan lawan Tubin | ing Nglasêm lawan Sêdayu | Dêmak Kudus Jêpara | Juwana lawan Sêmawis | samya mantuk mring nagari sowang-sowang ||
52.013 mariyêm kalih binakta | dhatêng ing Sampang nagari | kang jaga mêdal nglautan | ing Sampang myang Surawèsthi | mapan sampun ajanji | kang mêdal dharatan besuk | panggihan nèng Ngastina | mapan sampun nata baris | Ki Mandura lampahnya datan kawarna ||
215–216 dari 241