Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
53 dari 57
221–222 dari 241
2.203–2.212 dari 2.402
53.031 Panêmbahan lon ngandika | marang sira sagunge wong pasisir | lah wis karia sêdarum | ingsun layar manêngah | sun jagani mungsuh kang mêtu ing laut | sigra pangeran alayar | sakêdhap datan kaèksi ||
53.032 Panêmbahan Purubaya | lajêng kondur dhumatêng ing Matawis | pan sampun akarya tatu | agawe gora-godha | wong Kumpêni manahe lir dèn jur-êjur | sok ana mêndhung katingal | sag-sêg samya ambêdhili ||
53.033 gurnadanira mèh têlas | obat mimis Walănda wus anipis | warnanên kang anèng kidul | Tumênggung Baurêksa | Anrangbaya budhal saking bitingipun | sagunging kang wong Ngastina | prasamya ngalor ing biting ||
53.034 Kumpêni mimise têlas | sakalangkung ngêtog dènira jurit | mimisnya kinum ing uyuh | kinuthah lawan berak [2: 247: bera...k] | kang sawênèh kinuthah gajihing asu | wong Walănda wus uninga | wong Jawa angingêr baris ||
53.035 anulya dandan sadaya | wus malatar mariyêm dèn sulêdi | gurnad gurnada lan masbun | swara lir gêlap ngampar | pan wong Jawa kang katiban berak mawut | Dyan Tumênggung Baurêksa | samana anandhang kanin ||
53.036 bètènge pan sampun bubrah | wong pasisir manahe kêtir-kêtir | ya ta kasaput ing dalu | wong cilik kathah minggat | samya mulih alorot kalaning dalu | ya ta Dipati Mandura | sêdyanira angawaki ||
53.037 kadang kadeyan sadaya | pan pinêpak wus prapta dipatya ngling | iya ingsun arsa ngamuk | kuthane Si Walănda | sun unggahi manirarsa ambêg lampus | lah padha sira sudhiya | payo padha mati sabil ||
53.038 prasamya matur sandika | kang santana prituwin wadya alit | asanggup barênga gêmpur | enjange kawarnaa | Ki Mandura sêmana pan sampun mêtu | sigra atêngara munya | bêndhe angungkung tinitir ||
53.039 Kumpêni sampun mêlatar | kantranira pan sampun dèn isèni | berak dèn wor mimisipun | Ki Mandura wus mangsah | pra santana wadyane sarêng anêmpuh | Walănda pan kagegeran | gurnadane dèn sulêdi ||
53.040 swaraning kantra lir gêlap | kang pratala rêg obah gonjang-ganjing [2: 248] | wong Mataram kathah lampus | sawênèh na kabranan | burangkangan saking kêdah arsa maju | kang sawênèh ana sêmpal | baune manguwir-uwir ||
221–222 dari 241