Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
53–54 dari 57
222–223 dari 241
2.219–2.228 dari 2.402
53.047 prasamya marang bêngawan | gya asiram busana dèn buwangi | sadaya asalin sampun | wangsul gya masanggrahan | Ki Mandura kalanipun kathah tatu | pan maksih samya sudira | sêdyanya angrangsang malih ||
53.048 Kumpêni samya gegeran | gêgamane akathah ingkang mati | kapitan catur kang lampus | litnan pêjah sakawan | lopèrèse samya lena kadwi puluh | suldhadhu pêjah sanambang | ingkang kari samya tintrim ||
53.049 dandananira wus têlas | mimis obat wus datan ana kèri | manahnya miris agugup | sêdya pêjah kewala | mung taine kang kinarya mimisipun | prasamyambêg pêjah aprang | nora sêdya angunduri ||
54. Durma
54.001 lah ing ngriku kang atugur ing Jakarta | kocap Sultan Matawis | lagya sinewaka | pêpak kang wadyabala | pra santana wus anangkil | Pangran Purbaya | samana lagya nangkil ||
54.002 mêntas prapta gya asowan kangjêng sultan | sigra umatur aglis | sampun amba sultan | mlampah ayahan nata | ajangkung ingkang ajurit | dhatêng Jakarta | wus manira lampahi ||
54.003 inggih sampun karya tilas gora-godha [2: 250: gora-...godha] | Kumpni prasamya tintrim | wau jêng paduka | wong pasisir sadaya | prasamya akathah lalis | pun Baurêsa | warti anandhang kanin ||
54.004 pun Mandura sampun ngawaki pribadya | tumpês balane ênting | sanak putunira | ngriku akathah pêjah | sampun dènnya ngrangsang biting | Kyai Mandura | mundure dening tai ||
54.005 wong Walănda sampun têlas mimisira | sundawa sampun nipis | têlas budinira | anêdya têtumpêsan | wong Kumpêni samya tintrim | lamun wontêna | karsanipun bantoni ||
54.006 inggih pasthi bêdhahe nagri Jakarta | ing mangke kadyapundi | karsane jêng sultan | botên siniyosêna | anggêcak wadya Kumpêni | kangjêng sri nata | pangandikanira aris |[1]|
54.007 inggih uwa ing mangke karsa manira | sun kon mundur kang jurit | uwa wruh andika | inggih têmbe ing benjang | ing sak turun pungkur mami | nak putuningwang | yèn maksih ing Matawis ||
222–223 dari 241

 


Lebih satu suku kata: pangandikanira ris. (kembali)