Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
54 dari 57
225–226 dari 241
2.246–2.255 dari 2.402
54.025 kang sewaka wus samya bubar sadaya | sampun arakit baris | wong măncanagara | pan sampun ingutusan | kinèn siyagaa sami | gêgamanira | sakapraboning jurit ||
54.026 tan winarna laminya praptèng ubaya | sultan miyos tinangkil | pêpak kang punggawa | mantri tuwin satriya | miwah Pangeran Dipati | Silarong sowan | kalihan ingkang rayi ||
54.027 kang awasta Adipati Pringgalaya | santananipun kalih | kang tumut ngluruga | sampun pêpak sadaya | miwah ingkang para mantri | gêgamanira | ngalun-alun abaris ||
54.028 angandika Jêng Sultan Agung Mataram | budhalêna kang baris | lah ta adhi poma | sira dipun prayitna | kang rayi matur wotsari | anulya budhal | sagung mantri prajurit ||
54.029 wus lumampah gêgaman agêng kumêrap | prapta jabaning aji | andhèr ambalabar | tan kawarna ing marga | pan sampun prapta Kadhiri | măncanagara | wau kang dipun anti ||
54.030 Jagaraga Kaduwang lan Kêmagêtan | Madiun sampun prapti | miwah Pranaraga | Carubin Kartasana | Kalangbrèt tuwin ing Ngrawi | Srêngat Balitar | sadaya sampun prapti ||
54.031 Garobogan Balora tuwin ing Jipang | Sêsela lagya prapti | wong pasisir ingkang | atumut angluruga | wong Nglasêm lawan ing Pathi | Sêdayu [2: 254: Sêda...yu] Tuban | Lamongan myang Garêsik ||
54.032 wong Madura kalawan wong Surabaya | punika samya kêrig | Japan Wirasaba | Pasuruan ing Malang | punika sampun ajanji | nèng Pasuruan | patêmon ingkang baris ||
54.033 wus abudhal saking Kadhiri wancinjang | tan kawarna ing margi | praptèng Pasuruan | sampunira atata | wadya pasisir wus prapti | măncanagara | sadaya pêpak baris ||
54.034 sampun budhal gêgaman prapta Lumajang | apan laju lumaris | mapan sampun prapta | watês nagri Blambangan | arêrêp anata baris | sampun kawarta | misuwur ing wong grami ||
225–226 dari 241