Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
54 dari 57
223–224 dari 241
2.225–2.234 dari 2.402
54.004 pun Mandura sampun ngawaki pribadya | tumpês balane ênting | sanak putunira | ngriku akathah pêjah | sampun dènnya ngrangsang biting | Kyai Mandura | mundure dening tai ||
54.005 wong Walănda sampun têlas mimisira | sundawa sampun nipis | têlas budinira | anêdya têtumpêsan | wong Kumpêni samya tintrim | lamun wontêna | karsanipun bantoni ||
54.006 inggih pasthi bêdhahe nagri Jakarta | ing mangke kadyapundi | karsane jêng sultan | botên siniyosêna | anggêcak wadya Kumpêni | kangjêng sri nata | pangandikanira aris |[1]|
54.007 inggih uwa ing mangke karsa manira | sun kon mundur kang jurit | uwa wruh andika | inggih têmbe ing benjang | ing sak turun pungkur mami | nak putuningwang | yèn maksih ing Matawis ||
54.008 wong Walănda punika ingkang angangkat | wus karsaning Hyang Widi | benjang wong Walănda | angêmbani ayuda | sakèhe wadya Matawis | konjêm pratala | sultan ngandika malih ||
54.009 hèh wong gandhèk lawan wong singanagara | mentara dipun aglis | sira timbalana | kang anèng ing Jakarta | sira undurna kang jurit | Si Baurêksa | patènana dèn aglis ||
54.010 Si Mandura [2: 251: Mandu...ra] aja mulih mring Mataram | prênahna Kalitangi | wis sira mangkata | gandhèk samya tur sêmbah | cundaka sigra lumaris | datan kawarna | marga Japara prapti ||
54.011 wus alayar sampun prapta ing Jakarta | ngriku sigra kêpanggih | lawan Ki Mandura | dhawuh timbalan sultan | kinèn mundur ing ajurit | ijêngandika | wontêna Lèpèntangi ||
54.012 Ki Mandura garjita sajroning nala | angrasa lamun sisip | sigra dènnya bubar | sampun anitih palwa | Baurêksa dèn suduki | kala sêmana | wong pasisir atintrim ||
54.013 sampun bubar wadya pasisir sadaya | Walănda aningali | suka manahira | angrasa lamun gêsang | ciptanira jroning galih | gih kangjêng sultan | ingkang angsung aurip ||
223–224 dari 241

 


Lebih satu suku kata: pangandikanira ris. (kembali)