Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
55–56 dari 57
234–235 dari 241
2.339–2.348 dari 2.402
55.028 Adipati Sumêdhang wus kêni | binănda kaboyong | wong wadone wus tinawan kabèh | gêdhe cilik wus tan ana kèri | wus binakta mijil | tangisira umyung ||
55.029 wong ing Ngungkur ingkang dèn patèni | cacah sèwu kang wong | wong Mataram wus bubar barise | tan kawarna ing marga wus prapti | ing nagri Matawis | katur kang sinuhun ||
55.030 yèn ing Ngungkur pan sampun kalindhih | wonge [2: 267: wong...e] wus kaboyong | sampun tumpês kabèh wong lanange | kangjêng sultan sukanya tan sipi | tan kawarnèng kawi | anênggih winuwus ||
55.031 kangjêng sultan jumênêng narpati | kalih kang kadhaton | ing samodra kidul satunggile | Ratu Kidul kagarwa narpati | mila jêng sri mulki | kalih kuthanipun ||
55.032 kangjêng sultan pan arsa cangkrami | budhal sing kadhaton | pan Mancingan jêng sultan jujuge | sampun prapta têpining jahnawi | sagunging pra pêri | prasamya amêthuk ||
55.033 Kangjêng Ratu Kidul wus lumaris | amêthuk sang katong | jim pri prayangan dhèrèkkên kabèh | anampèni pacara narpati | jêng sultan kinanthi | dening Ratu Kidul ||
56. Kinanthi
56.001 upacane sang prabu |[1] pan sampun dipun tampèni | êjim pêri parayangan | sadaya ingkang nampèni | manungsa datan uninga | ampilane dèn gêntèni ||
56.002 sadaya samya amêthuk | kawarnaa sri bupati | lumampah kêkanthèn asta | pan sampun ngambah jaladri | kadya angambah dharatan | sakêdhap datan kaèksi ||
56.003 dene kang samya tumutur | tembak prasamya nèng kisik | ngriku anèng Pamancingan | prasamya angati-ati | lah ing ngriku kangjêng sultan | anèng madyaning jahnawi ||
56.004 praptèng galedhegan sampun | ing alun-alun [2: 268: alun-alu...n] arêsik | pacak sujine têmbaga | galedheganipun wêsi | botrawi ngapit wiwara | binatur sela cêndhani ||
234–235 dari 241

 


Kurang satu suku kata: upacarane sang prabu. (kembali)