Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
9 dari 57
23–24 dari 241
226–235 dari 2.402
09.024 samana pan sinêngkalan | pêksi astha warna aji |[1] Sultan Pajang ingèstrènan | jumênêngira narpati | sawusira anuli | sunggata sumaos ngayun | wus sami kinon dhahar | tuwin kang para bupati | pan sadaya wus samya kêmbulan dhahar ||
09.025 Sunan Parapèn ngandika | hèh sagung para bupati | kabèh anak putuningwang | padha runtuta sami |[2] lawan kadangirèki | aywana salayèng kalbu | dèn atut akêkadang | ingsun têtêdha ing Widhi | salamêta ing dunya praptèng akherat ||
09.026 tur sêmbah ingkang liningan | pangèstu paduka mugi | inggih nastijaba marang | para putra sadayèki | ya ta dènira bukti | wus dugi linorod sampun | marang pamburinira | warata sadaya sami | Kyai Gêdhe Mataram agung sinawang ||
09.027 marang Jêng Sunan Prawata | hèh ki jêbèng Pajang iki | dasih ta kang anèng wuntat | ya sapa wastanirèki | Sultan Pajang turnya ris | inggih punika pukulun | kadang amba kang nama | Kyai Agêng ing Matawis | ing samangkya wus gêgriya ing Mataram ||
09.028 yèn mangkono kadangira | iya konên lungguh nginggil | ing kono nunggala lawan | sagunging para bupati | sultan ngandika maring | Ki Agêng Mataram gupuh | kakang andika minggah | Ki Agêng gya lênggah nginggil | sang pandhita aris dènira ngandika ||
09.029 dhuh sadaya putraningwang | padha piyarsakna sami | iku Si Gêdhe Mataram | karsaning Hyang Maha Luwih | anak putune benjing | kang mêngku tanah Jawèku | kongsi têrah-tumêrah | samya ngidhêp mring Matawis [1: 34: Matawi...s] | Kyai Gêdhe Mataram myarsa wirayat ||
09.030 ingkang Sinuhun Prawata | samana Kyai Matawis | gya nêmbah mangaras pada | marang sinuhun ing Giri | sangêt sukur ing Widhi | sira Ki Agêng Matarum | mring sang raja pandhita | malih angandika aris | narimaa marang wahyuning Pangeran ||
09.031 ya ta Ki Gêdhe Mataram | ngaturkên dhuwungirèki | marang sang raja pandhita | nging sang yogi tinampèni | samana pra bupati | miyarsa wirayatipun | Kyai Gêdhe Mataram | cinêtha amutêr bumi | duk samana sira sang raja pandhita ||
09.032 pan arsa karya talaga | sadaya para bupati | pan samya milwa tumandang | tan winarna sampun dadi | toyanya langkung wêning | ingaran têlaga patut | sakèhe pra dipatya | sadaya sami ningali | nagri mănca pinatut anèng talaga ||
09.033 ri sampunira mangkana | sagunging para bupati | wus kinèn kundur sadaya | dènira sang maha yêkti | gya mundur sadayèki | sowang-sowangan umantuk | tuwin Jêng Sultan Pajang | pan sampun tinundhung mulih | tuwin sira Kiyai Gêdhe Mataram ||
23–24 dari 241

 


Tanggal: pêksi astha warna aji (S 1481). Tahun Masehi: 1559–60. (kembali)
Kurang satu suku kata: padha aruntuta sami. (kembali)