Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
12–13 dari 57
42–43 dari 241
414–423 dari 2.402
12.070 ingsun iki ratu ayu witning | arsa wikan pasareanira | apa ta baya warnane | rêtnaning pura matur | tan pakèwêd yèn arsa uning | darma têngga kewala | kawula pukulun | sadaya kagungan tuwan | Senapati astane nulya kinanthi | binêkta mring paprêman ||
12.071 sapraptane jroning tilamsari | nulya lênggah ajajar kalihan | Senapati ngungun tyase | myat rarênggan di luhung | sarwa sotya sadaya sami | Senapati ngandika | dhuh gusti wong ayu | sajêg ingsun durung miyat | rarêngganing kadhaton pindha swarga di | cacade mung sajuga ||
12.072 wus miranti sadaya linuwih | tanpa kakung dadya tan sêmbada | sang rêtna mèsêm ature | sakeca tanpa kakung | mung anggalih badan pribadi | eca momong sarira | lan ngawulèng kakung | Senapati angandika | ingsun yayi dupi myat tilamirèki | kasabêt ing asmara ||
13. Asmaradana
13.001 kadadak kandhuhan kingkin | tan ana ingkang sayogya | paring usada wirage | liyan ratuning kusuma | musthikaning samodra | guru ratuning wong ayu | aywanggung karya wigêna ||
13.002 dasih datan bisa mulih | marang nagara Mataram | lêbur luluh anèng kene | yèn durung antuk usada | sang dyah mèsêm ngujiwat | gya cinandhak astanipun | sang rêtna anêngkah madya ||
13.003 wong iki arsa punapi | tingkahe aparipêksa [1: 60] | kaya ingalêm polahe | nora mambu wong ngumbara | sêmbrana parikêna | Senapati ngandika rum | dhuh gusti pêpujan ingwang ||
13.004 kang sawang mênur rinujit | intên-intêne pun kakang | mung apuranira anggèr | kawula tur jiwa raga | sumăngga sang kusuma | pêjah gêsang ulun katur | marang adining kusuma ||
13.005 dasih datan bisa mulih | yèn dèrèng antuk usada | sarwi ngaras pambayune | sang ayu anêngkah jaja | jiwit sarwi ngujiwat | sang rêtna pinondhong gupuh | binêkta malêbèng tilam ||
13.006 pan lajêng atangkêp samir | nutug dènnyandon asmara | datan winarna solahe | sawusnya nutugkên karsa | gya maring pawarihan | sang ayu kalangkung ngungun | tan nyana sariranira ||
13.007 sawusnya sêsotya nuli | gya pinondhong maring tilam | satata lênggah kalihe | sang rêtna aris turira | dhuh pangeran tulusa | dènnya sih mring dasihipun | ing benjang saturunira ||
42–43 dari 241