Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14–15 dari 57
59 dari 241
581–590 dari 2.402
14.144 nuntên arinya jinunjung linggih | sinung aran Pangeran Juminah | putra saking padêmine | badhe gêntyani ratu | Panêmbahan Karapyak nami | anulya arinira | sinungan [1: 87: sinunga...n] jêjuluk | Jêng Pangeran Pringgalaya | arinira pawèstri apan kêkalih | pan sampun sami krama ||
14.145 antuk Pangran Dêmang Tanpanangkil | kang sawiji Pangran Têpasana | nagri Mataram samangke | kalangkung arjanipun | murah sandhang kalawan bukti | kunêng nagri Mataram | gantya kang winuwus | Sang Adipati Bênawa | kang umadêg nata anèng Pajang nagri | sawarsa laminira ||
14.146 nandhang gêrah sarira ngranuhi | gya utusan ngaturi uninga | marang nagri Matarame | Senapati duk ngrungu | nulya têdhak mring Pajang aglis | rikatan lampahira | ing Pajang wus rawuh | ing alun-alun wus prapta | Sultan Pajang samana sampun ngêmasi | tangis umyang gumêrah ||
14.147 Senapati gugup duk miyarsi | laju manjing sajroning puraya | datan mêningi mapade | langkung ngungun ing kalbu | Senapati waspanya mijil | ketang trêsna mring kadang | dènnya durung tutug | dènnya jumênêng narendra | tan winarna samana layonirèki | sampun pinaripurna ||
14.148 sawusira pinêtak tumuli | langkung dene gêng urmatanira | sri narendra Matarame | samana dèrèng kundur | sawusira ing pitung ari | arinya kang wus seda | pan jinunjung lungguh | Sang Gagakbaning samana | pan ingangkat amêngku Pajang nagari | tan pae lan kang raka ||
14.149 kutha Pajang winangun pasagi | myang sagunging rarêngganing pura | samya sinalin wangune | sadayanya pinatut | wus raharja antuk sawarsi | dènnya madêg nèng Pajang | gêrah nulya surud | Pangeran Tumênggung seda | tan winarna laminira dènnya lalis | pinêtak nèng Mataram ||
14.150 nèng dagane Ki Ageng Matawis | kilèn masjid agêng prênahira | rinarêngga astanane | ing solah tan winuwus | Pangran Pajang ingkang gêntyani | mêngku nagari Pajang | tulus arjanipun [1: 88] | ayêm tyase wadyabala | kunêng Pajang gantya winuwusa malih | ing nagari Mataram [2: 1] ||
15. Durma
15.001 lah ing ngriku gênti ingkang kawarnaa | kocapa ing Matawis | Kangjêng Sri Narendra | enjing miyos sineba | pêpak kang mantri bupati | myang para putra | santana samya nangkil ||
15.002 Adipati Măndaraka nèng byantara | ngandika sri bupati | uwa Măndaraka | kadipundi ing karsa | kula gih ajêng ngyêktèni | ingkang wirayat | kangjêng sunan ing Giri ||
15.003 lan malihe uwa nuwun idi ingwang | gèn ingsun madêg aji | anèng ing Mataram | Dipati Măndaraka | umatur maring narpati | inggih sang nata | kula dhèrèk nywawèni ||
59 dari 241