Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 57
50–51 dari 241
497–506 dari 2.402
14.060 kayaparan kaki juru kunci | lawang gêdhong tan kêna binuka | juru kunci lon ature | inggih paduka prabu | tan pinarêng dening Hyang Widi | kadya tinampik marang | kang sumare ngriku | kadya sung sasmitanira | wahyunira nuring rat pan sampun ngalih | marang nagri Mataram ||
14.061 Sultan Pajang sandeya ing galih | myarsa juru kunci aturira | Sultan Pajang nulya sare | anèng ing bale kêncur | salamine tan kadya mangkin | sang nata dènnya nendra | nutug nikmatipun | sawungunira anendra | nulya kundur sang nata anitih èsthi | sariranya marlupa ||
14.062 salin tandhu ingkang dèn titihi | karasa gêrah sariranira | aris arèrèh lampahe | Senapati duk ngrungu | lamun sultan gêrah ing mangkin | gya ngundhangi wadyanya | umiring tumuntur | lawan mantri kawan dasa | ciptanira andhèrèkkên rama aji | karasa [1: 73] wlasing driya ||
14.063 wadya Pajang sadaya duk uning | Senapati sawadya tut wuntat | samya ngati-ati kabèh | cinipta arsa gêpuk | para mantri matur sang aji | kalamun Senapatya | sabalane nusul | miranti wong kawan dasa | lamun parêng ing karsa paduka aji | pinagut ing ayuda ||
14.064 Senapati wadyanira kêdhik | lamun wontên dhawuh padukendra | tan ajrih mêthuk yudane | jêng sultan ngandika rum | lamun sira salah pandalih | saking wataraningwang | iku kakangamu | layak tan nêdya mukul prang | wikan lamun manira anandhang sakit | kadya ngatêrkên lampah ||
14.065 iya lawan wêkas ingsun kaki | marang sira tuwin kadangira | dèn atut pawong mitrane | benjang sapungkur ingsun | kang sayogya gêntèni aji | tan liya kakangira | Senapati iku | marma dèn atut kêkadang | ing samêngko yèn sirarsa nglawan jurit | sun kira tan kawawa ||
14.066 Adipati Bênawa anangis | amiyarsa andikaning rama | têka karasa driyane | para santana anglut | gumarumung samya anangis | ing marga tan winarna | ing Pajang wus rawuh | Senapati atut wuntat | kandhêg anèng dhusun Mayang sawadyèki | akarya pasanggrahan ||
14.067 Sultan Pajang pan sampun miyarsi | yèn kang putra kèndêl dhusun Mayang | utusan nimbali age | mêsat ingkang tinuduh | praptèng Mayang sampun apanggih | kalawan Senapatya | andhawuhkên sampun | timbalane sri narendra | Senapati aris dènira mangsuli | duta sira matura ||
14.068 ngong tan bisa umarêk samangkin | benjang datan susah tinimbalan | manira umarêg age | duta gya pamit mundur | praptèng Pajang matur sang aji | Senapati saurnya | sadaya wus katur | sapungkure dutèng Pajang [1: 74: Pa...jang] | Senapati manêkung sêmadi êning | tan antara gya prapta ||
14.069 Juru Taman mêng-amêngannèki | agêngira sagunung anakan | prapta nêmbah nèng ngarsane | aris ing aturipun | paran karsa tuwan nimbali | kalamun wontên karya | adunên prang pupuh | angrêbasèng nagri Pajang | myang liyane kawula inggih nglampahi | ing sakarsa paduka ||
50–51 dari 241