Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 57
156–157 dari 241
1.554–1.563 dari 2.402
34.018 yèn wong Mataram anăngga | padha kèhe ingsun datan ngudhili | duk Pasiwalan rumuhun | ing mêngko pan sapala | suprandene binuru kapêntut-pêntut | nora kêna ginagampang | pan ingsun kêpesing-pesing ||
34.019 mêngko maning yèn mênanga | mapan ingsun mêngko kèri prajurit | wong Mataram baris agung | angur ingsun oncata | yèn tan yitna pasthi cêndhak umur ingsun | lah bojo padha dandana | payo lunga têngah wêngi ||
34.020 Ki Tumênggung Kapulungan | amung warah wadyane dèn apusi | wong Pasuruan sadarum | sira [2: 143] padha dandana | payo mangsah amêtoni têngah dalu | ngamuk baris wong Mataram | kacèk sira wong sathithik ||
34.021 wong Mataram yêkti kathah | lamun sira narajanga ing latri | pasthi yèn sira kêcakup | mungsuhira awêndran | wong Mataram payo ta ingamuk dalu | pasthi yèn kagus sadaya | dadya rusak wong Matawis ||
34.022 têka tinonton kewala | sinurakan saking lor kidul pêsthi | wong Mataram samya bingung | anuli tinarajang | tinumbakan kèh mati kang gêsang mlayu | angrasa yèn tan kuwawa | marang sira takut sami ||
34.023 prajurit sigra adandan | amituhu saparentahing Gusti | ki tumênggung sampun mundur | busana sarwi nabda | lah ta bojo apa wis dandan sadarum | payo ta anuli budhal | gêgendhonga dipun aglis ||
34.024 lan sangua sêga wadhang | aja kèri lombok uyah lan trasi | sêga aking aja kantun | sun jaluk sagembolan | bokmanawa apisah anèng dêlanggung | iya sak wis angandhuta | nora sumêlang ing ati ||
34.025 Ki Tumênggung Kapulungan | sigra dandan kuda wus dèn kambili | wajik kang aran pun daru | cêmêng ulêsing kuda | rabènira sinaosan kuda sampun | sigra sami anênunggang | ki tumênggung sigra mijil ||
34.026 sarwi anêmbang têngara | surak rame hèh batur ja na kèri | lamun kèri ingsun ukum | wadya prasamya mangkat | wus prayitna sêdyanira ayun ngamuk | wong Mataram amiyarsa | yèn wong kutha amêtoni ||
34.027 wong Mataram sigra dandan | kudanira [2: 144: kuda...nira] pan sampun dèn kambili | wong Pasuruan wus mêtu | anyana lamun pêrang | Ki Tumênggung Kapulungan sarêng dulu | lumayu ngulon parannya | Surabaya kang dèn ungsi ||
156–157 dari 241