Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
37–38 dari 57
170–171 dari 241
1.697–1.706 dari 2.402
37.019 samya minggirakên palwa | prajurit wus andhingini | tan ana sabawanira | wus samya munggah aririh | prajurit ngati-ati | prapta ing dharatan sampun | samya nata gêgaman | wadya lit kabèh wus prapti | wong Mataram [2: 164: Matara...m] nèng dharat prayitnèng baya ||
37.020 pan sampun nata gêgaman | arantap pinggir pasisir | kêbak wadya ing Mataram | sanjata sampun miranti | kolontaka nèng ngarsi | ngegla mariyêm nèng ngayun | towok tulup lan panah | purna wadya ing Matawis | kang kocapa dipatine ing Mandura ||
37.021 ngandika mring wadyanira | mungsuh kinèn mirsa aglis | utusan sampun uninga | yèn wong Mataram wus rakit | prajurit para mantri | sampun tata barisipun | tuwin para bupatya | wus minggah sadaya baris | duta wangsul wus marêg ing gustira |[1]|
37.022 matur gugup gya têngara | kasêsa tataning baris | dene ta ina kang mêngsah | samya lena ingkang mantri | nora anyana mangkin | lamun dèn unggahi dalu | dadya gugup têtanya | dene mungsuh ambêdhili | wong Mataram surak gêr lir langit rêbah ||
37.023 wong Mandura sampun mêdal | rusak tataning kang baris | agugup asêlak prapta | wong Mataram ambêdhili | wong Mandura kèh mati | kang kêna pelor jêpupung | pan kadhingan papan |[2] ingkang mara-mara mati | ingkang mundur wong Mandura kapracondhang ||
37.024 sakèhe para dipatya | ing Mandura ingkang kèri | samya ngawaki pribadya | arsa ngantêp ing ajurit | Dipati Caturkait | sumêdya barênga lampus | nênggih wong Pamêlingan | pan arsa angantêp jurit | sêdyanira [2: 165: sêdya...nira] lêbura anèng jro kitha ||
37.025 lawan wadya Ngarebaya | Balega Sumênêp inggih | arêmbug lawan Mandura | Dipati Sampang nuruti | rêmbugnya sampun dadi | sigra atêngara nêmpuh | suraknya gêgênturan | kadya bêlah bumi gonjing | swaranira kang surak umyang gumêrah ||
37.026 kalantaka asauran | gumlêgêr swaraning bêdhil | ngakasa kadya tangkêba | tibaning mimis lir grimis | wong Mandura kèh mati | wong Mataram kathah tatu | rame dènira yuda | dangu tan ana kalindhih | prajurite Mandura ngamuk sadaya ||
37.027 barêng rampak anarajang | arame têmpuhing jurit | wong Mataram samya tadhah | prajurite angawaki | tuwin para bupati | ing pasisir sarêng nêmpuh | arame băndayuda | wong Mandura akèh mati | pra prawira Mandura tan na mundura ||
38. Durma
38.001 prajurite wong Mandura anarajang | aran pun Jagapati | polahe lir wagra | tanaya kurang pangan | wong Mataram anadhahi | pan sampun pêjah | wontên prajurit malih ||
170–171 dari 241

 


Kurang satu suku kata : duta wangsul wus marêg ing gustinira. (kembali)
Kurang satu suku kata: pan kadhinginan papan. (kembali)