Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 57
177–178 dari 241
1.767–1.776 dari 2.402
39.017 botên eca suraosing galih | bokmanawa manahe tan lămba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | yèn mangkono karsanirèki | prayoga ingutusan | lamun yêkti nungkul | lah iya age nusula | wus utusan Mangunonêng duta mantri | marang ing Surabaya ||
39.018 Dyan Mas Pêkik ambêktani mantri | Ki Urawan kang kinèn matura | kang sangêt mring sudarmane | utusan wus lumaku | tan winarna ngênu wus prapti | nagari Surabaya | Urawan gya matur | sampeyan gusti ngaturan | tumindaka dhumatêng nagri Matawis | sowana kangjêng sultan ||
39.019 adipati agupuh ing galih | wus busana kuda kinambilan | sarwi nutuh sarirane | rumaos lamun luput | datan dhahar rêmbaging mantri | măngsa yèn mangkonoa | galihe anglulun | ingsun têdha ing Hyang Suksma | kangjêng sultan ngapuraa jênêng mami | cupêt baliluningwang ||
39.020 sampun budhal sira Adipati | Surabaya lawan Tambakbaya | andhèrèkake [2: 176: andhè...rèkake] lampahe | Ki Sanjata tan kantun | Adipati Pajang tan kèri | sigêg ingkang winarna | pabarisan agung | anganti ing Pranaraga | Adipati Surabaya sampun prapti | dhatêng ing Pranaraga ||
39.021 gya klêmpakan sagunging dipati | Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | sami rêrêp nèng ngriku | nênggih nganti karsa narpati | tan antara samana | wontên duta rawuh | mundhi timbalan jêng sultan | wus kêpanggih lawan Mangunonêng aglis | pangeran kang utusan ||
39.022 sampun prapta nênggih Adipati | Surabaya sigra kang utusan | dhawuhkên timbalan rajèng | paduka kinèn wangsul | lawan putra dika Mas Pêkik | dhumatêng Surabaya | dhawuh kang sinuhun | mung Dipati Tambakbaya | kang pinundhut kacaosna mring Matawis | lampahe dipun inggal ||
39.023 lawan sakèhe kang para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga ing mangke | putra paduka prabu | apan arsa inggih udani | mantri ing Surabaya | dipati tumungkul | datan kuwasa lênggana | ing karsane kangjêng sultan ing Matawis | Surabaya katura ||
39.024 nadyan pati urip ingsun iki | pan sumăngga karsane jêng sultan | datan ngraosa adarbe | tan kawarna ing ênu | Mangunonêng wus dèn timbali | mantuk marang Mataram | sakănca wus daut | sarta mantri Surabaya | myang Dipati Tambakbaya datan kari | tan kawarna ing marga ||
39.025 sapraptane ing Pajang anuli | Tambakbaya sigra pinêjahan [2: 177: pinê...jahan] | nênggih kalangkung têguhe | tan pasah ing braja gung | ingantêban sela tanapi | datan ginawe rasa | dene pêjahipun | apan binandhulan sela | sinilêpkên ing bêngawan pêjahnèki | Mangunonêng gya mlampah ||
39.026 sampun prapta nagari Matawis | enjing miyos kangjêng sri narendra | pêpak wadya nangkil kabèh | kasaru praptanipun | Mangunonêng munjuk ngarsa ji | manêmbah ing suku sang | salampah wus katur | pinurwa têkèng wêkasan | panungkule Dipati ing Surawèsthi | sampun katur sadaya ||
177–178 dari 241