Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 57
177–178 dari 241
1.763–1.772 dari 2.402
39.013 Kyai Dêmang Urawan kariyin | bêkta sêrat tan adangu prapta | anênggih barisan gêdhe | Ki Mangunonêng wau | Ki Urawan dipun panggihi | wus katur suratira | winaca ing kalbu | mangkana ijêmaning srat | lamun têluk Pangran Surabaya nanging | wakil mring putranira ||
39.014 Mangunonêng sigra dènira ngling | iya iku babo karsaningwang | kang sun anti salawase | nanging kuciwanipun | putranira kinarya wakil | Mangunonêng ngandika | priye ingkang rêmbug | mantri sadaya turira | măngsa borong Mangunonêng ngandika ris | gaman padha bubarna ||
39.015 gya Ki Dêmang Urawan wus mulih | sampun matur dhumatêng radyan mas | katarima ing lampahe | Mangunonêng winuwus | pan utusan dhatêng Matawis | angaturi uninga | Surabaya nungkul [2: 175: nungku...l] | enjing wau kawarnaa | sampun bubar kabèh wadya ing Matawis | tuwin ing Surabaya ||
39.016 tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta garêbêg samana | samya arêrêp barise | kawarnaa ing dalu | Mangunonêng lawan Ngabèi | Katawêngan rêmbagan | lan Yudapranèku | Katawêngan sigra mojar | kadospundi Dipati ing Surawèsthi | dene boya lumampah ||
39.017 botên eca suraosing galih | bokmanawa manahe tan lămba | kinarya bujuk putrane | Mangunonêng amuwus | yèn mangkono karsanirèki | prayoga ingutusan | lamun yêkti nungkul | lah iya age nusula | wus utusan Mangunonêng duta mantri | marang ing Surabaya ||
39.018 Dyan Mas Pêkik ambêktani mantri | Ki Urawan kang kinèn matura | kang sangêt mring sudarmane | utusan wus lumaku | tan winarna ngênu wus prapti | nagari Surabaya | Urawan gya matur | sampeyan gusti ngaturan | tumindaka dhumatêng nagri Matawis | sowana kangjêng sultan ||
39.019 adipati agupuh ing galih | wus busana kuda kinambilan | sarwi nutuh sarirane | rumaos lamun luput | datan dhahar rêmbaging mantri | măngsa yèn mangkonoa | galihe anglulun | ingsun têdha ing Hyang Suksma | kangjêng sultan ngapuraa jênêng mami | cupêt baliluningwang ||
39.020 sampun budhal sira Adipati | Surabaya lawan Tambakbaya | andhèrèkake [2: 176: andhè...rèkake] lampahe | Ki Sanjata tan kantun | Adipati Pajang tan kèri | sigêg ingkang winarna | pabarisan agung | anganti ing Pranaraga | Adipati Surabaya sampun prapti | dhatêng ing Pranaraga ||
39.021 gya klêmpakan sagunging dipati | Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | sami rêrêp nèng ngriku | nênggih nganti karsa narpati | tan antara samana | wontên duta rawuh | mundhi timbalan jêng sultan | wus kêpanggih lawan Mangunonêng aglis | pangeran kang utusan ||
39.022 sampun prapta nênggih Adipati | Surabaya sigra kang utusan | dhawuhkên timbalan rajèng | paduka kinèn wangsul | lawan putra dika Mas Pêkik | dhumatêng Surabaya | dhawuh kang sinuhun | mung Dipati Tambakbaya | kang pinundhut kacaosna mring Matawis | lampahe dipun inggal ||
177–178 dari 241