Tembang macapat

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Pajang, Anonim, akhir abad ke-19, #1845

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 57
178 dari 241
1.771–1.780 dari 2.402
39.021 gya klêmpakan sagunging dipati | Mangunonêng lawan Katawêngan | Yudaprana sakancane | sami rêrêp nèng ngriku | nênggih nganti karsa narpati | tan antara samana | wontên duta rawuh | mundhi timbalan jêng sultan | wus kêpanggih lawan Mangunonêng aglis | pangeran kang utusan ||
39.022 sampun prapta nênggih Adipati | Surabaya sigra kang utusan | dhawuhkên timbalan rajèng | paduka kinèn wangsul | lawan putra dika Mas Pêkik | dhumatêng Surabaya | dhawuh kang sinuhun | mung Dipati Tambakbaya | kang pinundhut kacaosna mring Matawis | lampahe dipun inggal ||
39.023 lawan sakèhe kang para mantri | Surabaya pinundhut sadaya | kinèn lajênga ing mangke | putra paduka prabu | apan arsa inggih udani | mantri ing Surabaya | dipati tumungkul | datan kuwasa lênggana | ing karsane kangjêng sultan ing Matawis | Surabaya katura ||
39.024 nadyan pati urip ingsun iki | pan sumăngga karsane jêng sultan | datan ngraosa adarbe | tan kawarna ing ênu | Mangunonêng wus dèn timbali | mantuk marang Mataram | sakănca wus daut | sarta mantri Surabaya | myang Dipati Tambakbaya datan kari | tan kawarna ing marga ||
39.025 sapraptane ing Pajang anuli | Tambakbaya sigra pinêjahan [2: 177: pinê...jahan] | nênggih kalangkung têguhe | tan pasah ing braja gung | ingantêban sela tanapi | datan ginawe rasa | dene pêjahipun | apan binandhulan sela | sinilêpkên ing bêngawan pêjahnèki | Mangunonêng gya mlampah ||
39.026 sampun prapta nagari Matawis | enjing miyos kangjêng sri narendra | pêpak wadya nangkil kabèh | kasaru praptanipun | Mangunonêng munjuk ngarsa ji | manêmbah ing suku sang | salampah wus katur | pinurwa têkèng wêkasan | panungkule Dipati ing Surawèsthi | sampun katur sadaya ||
39.027 myang pêjahe Ki Tambakbayèki | anèng Pajang wus katur sadaya | miwah bêstan mantri kabèh | lan boyongan wus katur | angandika sri narapati | ya sakèhing bêbandan | mantri Surèngkewuh | kabèh padha uculana | lan sakèhe bojone ulihna sami | marang ing lakinira ||
39.028 bêstan sampun sami dèn uculi | bojonipun pinaringkên samya | mring lakine dhewe-dhewe | ngandika sang aprabu | dene karsaningsun ing mangkin | Si Tumênggung Sêpanjang | ingkang ingsun tuduh | ngayumi wong Surabaya | amituhu sagung wadya ing Matawis | jêng sultan malih nabda ||
39.029 lah ta sira muliha dèn aglis | lan si paman anèng Pranaraga | ampirana dipun age | iku mèlua mantuk | mring nagara lawan si adhi | omahna jaban kutha | aja gawa batur | kang kinon anulya [2: 178] budhal | sampun prapta ing Pranaraga sira glis | pangeran atut wuntat ||
39.030 tan kawarna ing marga wus prapti | Surabaya Tumênggung Sapanjang | angênggèni ing kuthane | pangeran ênggènipun | anèng Rêmpah saanak rabi | ênêngêna samana | kocapa Matarum | Ingkang Sinuhun Ngalaga | ari Soma jêng narpa miyos tinangkil | wus prentah jingga mudha ||
178 dari 241