Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
52–53 dari 86
517–526 dari 852
4.118 sakaprabonira sampun ênting | ingusungan kang sangking Purbayan | sakidul ika dalême | kangjêng ratu winuwus | marang putra kêlangkung asih | radèn ayun yèn sowan | mara jro kadhatun | sabarang panuwunira | datan [115: data...n] lêpat kangjêng ratu anuruti | panuwune kang putra ||
4.119 sakathahe busana kang adi | apan saking ing ibu sadaya | sakalangkung sih mulene | sang nata kang winuwus | nulya enjing miyos tinangkil | pêpak ingkang sewaka | dipati nèng ngayun | sri narendra angandika | anak ingsun ki pangantèn sun paringi | anamaa pangeran ||
4.120 pangeran arya aluwih bêcik | lawan ingsun paringi lalênggah | mung têlung atus cacahe | pirabara ing besuk | jêng pangeran nuwun wotsari | anulya wontên undhang | sabuk ukup kuluk | pan antara tigang căndra | parasipun sang nata têngara muni | nuju wulan Ramêlan ||
4.121 anulya datan antara lami | jêng pangeran pinaringan lênggah | wong pitung atus cacahe | dadya jangkêp wong sèwu | jêng pangeran rêna kang galih | bungah wadyèng karian | mangkana winuwus | pambalike ing Winongan [116: Winong...an] | Radèn Tirtakusuma umadêg baris | agitik Pasuruan ||
4.122 kang jumênêng Pasuruan nguni | akêkasih Tumênggung Jadita | duk Pasuruan bêdhahe | punika kang tinandur | Pasuruan apan taliti | mangkana Ki Jadita | sampun kapalayu | dene bala ing Winongan | Pasuruan apan sampun dèn anciki | Radèn Tirtakusuma ||
4.123 sampun katur dhatêng sri bupati | yèn sun Tirtakusuma Winongan | tuhu lamun pambalike | langkung duka sang prabu | Kyai Kartanagara aglis | kinèn nglarug mangetan | lan sakancanipun | sagunge para punggawa | wong pasisir bang wetan kang dèn tindhihi | nglurug ngrusak Winongan ||
4.124 tan winarna ing marga wus prapti | ing Winongan rame dènnya yuda | pan tigang căndra lamine | Winongan dènnya gêmpur | kuthanira dipun obongi | rabine wus jinarah | Tirtakusumèku | binoyong mring Kartasura | pan abêkta atmaja laju satunggil | Mas Kaji namanira ||
4.125 Radèn Tirtakusuma angungsi [117] | ngili lumayu kitha Lumajang | kang lurug wus mantuk kabèh | Ki Jadita Tumênggung | Pasêdhahan dipun pêjahi | tinuwêg Kartasura | anèng alun-alun | dosane tiwas rumaksa | ing prajane anulya dipun pêjahi | apan ta gênti warsa ||
4.126 ya ta ingkang kawuwusa malih | Jayapuspita ing Surabaya | dènnya gumanti kakangne | amung sowan samulut | wadya Surabaya kinêrig | cinatur tigang nambang | sêsêliranipun | wadya sragêni sanambang | kang rong nambang ingaran wong talangpati | samya krega gênderan ||
4.127 sikêp waos mamas bèn anjinggring | myang tumpêr ingas myang bolang-bolang | wugu tulup landung ngambel | myang mantrènira agung | atanapi ari kêkalih | Apanji Surèngrana | ari kang waruju | sira Panji Kartayuda | ari kalih nyèwu sikêpe ngajurit | binaktèng Kartasura ||
52–53 dari 86