Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
51–52 dari 86
510–519 dari 852
4.111 radèn putra pinaksa wotsari | munggèng wêntisira nata kanan | sang putri wêntis keringe | sang nata lingira rum | babo anak ingsun kêkalih | oyoda arondhana | babo anak ingsun | pan dadia pangauban | marang sanak anak putunira benjing | tulusira patuta ||
4.112 poma sira dèn bisa alaki | miwah sira dènira mong garwa | sarta dèn êlus êmbune | putra kalih wotsantun | sampun lèngsèr nèng pangkon aji | sagsana [113] sigra dhahar | têngara gumrudug | barung kalawan gamêlan | pan gumêrah swarane kang punang janmi | lir orêg kang pratala ||
4.113 sampune dhahar sami wotsari | sampun mêdal saking jro kadhatyan | orêg wong jro iring kabèh | wadya jawi gumuruh | abarungan swaraning bêdhil | gamêlan sarêng munya | swarane gumuruh | nulya prapta kapurbayan | atêngara sanjata gamêlan muni | êdrèle barondongan ||
4.114 lurung-lurung andèr kang angiring | anglir gêlap swaraning kang janma | warna-warna jêmpanane | joli jêmpana tandhu | waos sulam benang myang jinggring | purbayaning rinêngga | pan asring dinulu | sadaya wus sinugata | pra bupati santan miwah kang mantri |[1] dhahar inum-inuman ||
4.115 samya tuwuk bubar têngah wêngi | byar raina dhatêng Kablitaran | samêkta angiringake | pangantèn sampun waruh |[2] ing Blitaran têngara nguni | sênjata barondongan | gamêlan ambarung | pra [114] Bupati Kartasura | pêpak kabèh Kablitaran sampun prapti | andhatêngakên suka ||
4.116 dhêdhaharan nginum ing salatri | enjing budhal pangantèn wus prapta | Kapurbayan sawadyane | datan kawarnèng ênu | pan sapêkên laminya nênggih | pagêring ingkang prapta | pan liyêngan ngêlu | sapasar wus samya waras | tan antara sri narendra nulya mijil | undhang mring wadyabala ||
4.117 sawarnane kang para bupati | kinèn karya dalême kang putra | pasowan kidul prênahe | sawetèning marga gung | kinèn majêng mangilèn kenging | gumuruh kang akarya | ing Kartasurèku | tan antara nulya dadya | dalêm agêng radèn pangante[3] wus ngalih | sawadya garwanira ||
4.118 sakaprabonira sampun ênting | ingusungan kang sangking Purbayan | sakidul ika dalême | kangjêng ratu winuwus | marang putra kêlangkung asih | radèn ayun yèn sowan | mara jro kadhatun | sabarang panuwunira | datan [115: data...n] lêpat kangjêng ratu anuruti | panuwune kang putra ||
4.119 sakathahe busana kang adi | apan saking ing ibu sadaya | sakalangkung sih mulene | sang nata kang winuwus | nulya enjing miyos tinangkil | pêpak ingkang sewaka | dipati nèng ngayun | sri narendra angandika | anak ingsun ki pangantèn sun paringi | anamaa pangeran ||
4.120 pangeran arya aluwih bêcik | lawan ingsun paringi lalênggah | mung têlung atus cacahe | pirabara ing besuk | jêng pangeran nuwun wotsari | anulya wontên undhang | sabuk ukup kuluk | pan antara tigang căndra | parasipun sang nata têngara muni | nuju wulan Ramêlan ||
51–52 dari 86

 


Kurang satu suku kata: pra bupati santana miwah kang mantri. (kembali)
rawuh. (kembali)
pangantèn. (kembali)