Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
53–54 dari 86
522–531 dari 852
4.123 sampun katur dhatêng sri bupati | yèn sun Tirtakusuma Winongan | tuhu lamun pambalike | langkung duka sang prabu | Kyai Kartanagara aglis | kinèn nglarug mangetan | lan sakancanipun | sagunge para punggawa | wong pasisir bang wetan kang dèn tindhihi | nglurug ngrusak Winongan ||
4.124 tan winarna ing marga wus prapti | ing Winongan rame dènnya yuda | pan tigang căndra lamine | Winongan dènnya gêmpur | kuthanira dipun obongi | rabine wus jinarah | Tirtakusumèku | binoyong mring Kartasura | pan abêkta atmaja laju satunggil | Mas Kaji namanira ||
4.125 Radèn Tirtakusuma angungsi [117] | ngili lumayu kitha Lumajang | kang lurug wus mantuk kabèh | Ki Jadita Tumênggung | Pasêdhahan dipun pêjahi | tinuwêg Kartasura | anèng alun-alun | dosane tiwas rumaksa | ing prajane anulya dipun pêjahi | apan ta gênti warsa ||
4.126 ya ta ingkang kawuwusa malih | Jayapuspita ing Surabaya | dènnya gumanti kakangne | amung sowan samulut | wadya Surabaya kinêrig | cinatur tigang nambang | sêsêliranipun | wadya sragêni sanambang | kang rong nambang ingaran wong talangpati | samya krega gênderan ||
4.127 sikêp waos mamas bèn anjinggring | myang tumpêr ingas myang bolang-bolang | wugu tulup landung ngambel | myang mantrènira agung | atanapi ari kêkalih | Apanji Surèngrana | ari kang waruju | sira Panji Kartayuda | ari kalih nyèwu sikêpe ngajurit | binaktèng Kartasura ||
4.128 duk sêmana kangjêng sri bupati | lamun Ki Arya Jayapuspita | asanega pasebane | sang nata sukèng kalbu | samya undhang anyêluk kêris | kancana lan salaka | wênèh kang balibutung [118: ba...libutung] |[1] asri tinatrapan êmas | sira Arya Jayapuspita tan lami | nèng nagri Kartasura ||
4.129 sigra mantuk marang Surawèsthi | sapraptanira ing Surabaya | tan arsa balia malèh | rêmbag sakadangipun | sêdya sami ngulati margi | mangkana kang utusan | mantri kang lumaku | Ki Tumênggung Sumabrata | kanthinira mantri jro ingkang lumaris | aran Diramênggala ||
4.130 samadya căndra nèng Surawèsthi | duta nata Kyai Sumabrata | lan Ki Diramanggalane | nanging Japuspitèku | asêmados sowan ing benjing | tansah sinăngga krama | duta kalih mantuk | praptanirèng Kartasura | wus praptèng jro ing ngabyantarèng narpati | atur sasolahira ||
4.131 sri narendra animbali patih | kinèn duta dhatêng ing Samarang | Surabaya pamogoke | ki patih sigra nuduh | sampun mêsat kagalih mantri | bêkta surat narendra | gêntia winuwus | Ki Arya Jayapuspita | saungkure Ki Sumabrata duta ji | anuduh arinira [119] ||
4.132 Panji Surèngrana kinèn wiwit | mantuk saking nagri Surapringga | datan kawarna lampahe | nagri Nglamongan rawuh | sira panji anulya wiwit | budhal saking Nglamongan | Garêsik tinuju | saking Giri dènnya minggah | wong Nglamongan ing Kadu angrangsang biting | kawulane tan kangkat ||
53–54 dari 86

 


Lebih satu suku kata: wênèh kang balitung. (kembali)