Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
54–55 dari 86
538–547 dari 852
4.139 apan lagya yun-ayunan jurit | kawarnaa Apanji Lamongan | sampun lumampah dutane | anggêpuk ing Sidayu | ramening prang kathah kang mati | kitha Sidayu bêdhah | panji sigra mangsuk | mingêr agitik ing Jipang | tan winarna ing marga ing Jipang prapti | lajêng campuh ing yuda ||
4.140 sira wadya ing Jipang kalindhih | wau Tumênggung Surawijaya | andêrojog duk kèngsêre | gugup tan polih kiwul | wong Lamongan gya wangsul malih | lajêng ngrabasèng Tuban | sêmana wus rawuh | ing Tuban campuh ing yuda | wadya Tuban ingamuk sadaya gusis | kuthane wus kancikan ||
4.141 kawarnaa kang anèng Kadhiri | duk samana campuh ing ayuda | Apanji Kartayudane | wong Kadhiri anggargut | wadya Surabaya mangungkih | ambuk angamuk rampak | wong Kadhiri mawur | sira Panji Kartayuda | sabalane sampun ngancik ing Kadhiri | anulup wong bang [122] wetan ||
4.142 ing Kartasura ingkang winarni | dina Soma sang nata sineba | pinarak ing dhampar gêdhe | jêjêl wadya supênuh | dêmang arya lan ondhamui | ngabèi sinang arya | kandhuruan sèwu | myang Apatih Cakrajaya | munggèng ngarsa abukuh konjêm ing siti | sigra matur ing nata ||
4.143 yèn nagari dalêm Surawèsthi | mangkya pun Arya Jayapuspita | tuhu lamun pangadêge | sampun angirup-irup | marang sagung măncanagari | bang wetan ginêcêgan | myang pasisiripun | ing Sidayu sampun bêdhah | miwah Tuban ing Jipang sampun kalindhih | Kadhiri wus kancikan ||
4.144 asru ngandika sri narapati | hèh Apatih Cakrajaya sira | mracayaa dipun age | iya marang kumêndur | yèn wong Surabaya ambalik | lan sira sanenggaa | gêgamaning pupuh | sira dhewe lumayua | mêtu êlor ngirida bala pasisir | miwah măncanagara ||
4.145 iya Tumênggung Kartanagari | kang sun tuduh iku nindhihana | mêtua [123] kidul lakune | lawan sira dèn gupuh | amundhuta bala Kumpêni | ki patih atur sêmbah | ngadhaton sang prabu | ki apatih undhang-undhang | wus amatah mantri kang dhatêng Samawis | wong Kartasura dandan ||
4.146 kawarnaa caraka nrêpati | ingkang dhatêng nagari Sêmarang | prapta katampèn surake | marang sira kumêndur | tinupiksa dipun urmati | kumêndur akapita | angundhangi sampun | bala Kumpêni siyaga | lan kumêndur tur wikan marang Bêtawi | wus mêsat dutanira ||
4.147 tan winarna lampahirèng nguni | Kyai Tumênggung Kartanagara | andhingini ing budhale | saking Kartasurèsuk | ngirit wadya măncanagari | Ki Patih Cakrajaya | kang maksih angantun | anganti bala Walănda | duk sêmana kundur utusan aglis |[1] ajangji angkatira ||
4.148 Ki Apatih Cakrajaya aglis | budhal saking nagri Kartasura | miyos Samarang lampahe | bala umyung gumuruh | busananya awarni-warni | tinon lir puspita bra | asri yèn dinulu | myang sagung [124] para punggawa | tan winarna nèng marga praptèng Samawis | gantya kang kawuwusa ||
54–55 dari 86

 


Kurang satu suku kata: duk sêmana kundure utusan aglis. (kembali)