Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
54 dari 86
531–540 dari 852
4.132 Panji Surèngrana kinèn wiwit | mantuk saking nagri Surapringga | datan kawarna lampahe | nagri Nglamongan rawuh | sira panji anulya wiwit | budhal saking Nglamongan | Garêsik tinuju | saking Giri dènnya minggah | wong Nglamongan ing Kadu angrangsang biting | kawulane tan kangkat ||
4.133 kawarnaa dutaning narpati | sampun prapta nagari Samarang | sampun katampèn dutane | marang sira kumêndur | tinupiksa lan dèn urmati | kumêndur wus siyaga | anumpak ing laut | layar marang Surabaya | sapraptane Surabaya wus apanggih | lan Arya Japuspita ||
4.134 sira kumêndur têtanya aris | marang Ki Arya Jayapuspita | dene apanji solahe | Jayapuspita tambuh | saking awonipun apanji | kumêndur pan kèwêdan | mangkana pinatut | biting Garêsik binubrah | nulya mantuk kumêndur marang Samawis | apanji mintasraya ||
4.135 utusan marang nagari Bali | ing Garêsik winêton sagara | Dewa Kaloran srayane | wong Garêsik [120: Ga...rêsik] tinukup | mungsuh prapta ing têngah wêngi | gegeran apuyêngan | kathah kang kacakup | wadya lit mawur sasaran | sabêdhahe nagari wau Garêsik | mantuk Dewa Kaloran ||
4.136 samados ing wangsulira malih | panji Lamongan apan akathah | ambêktani rêrubane | kang katur ing dewa gung | ing Kaloran dutane prapti | mangkana kang winarna | nagri Surèngkewuh | Dipati Jayapuspita | apratăndha wus angadêgakên baris | ngirub măncanagara ||
4.137 Panji Kartayuda kang tinuding | agêcêgi pra măncanagara | lumaksana ing barise | ngirit prajurit sèwu | nagri Japan kang dèn margani | wong Japan tan kawawa | mapaga prangipun | samya anungkul kewala | nagri Japan samana wus dèn margani | lajêng mring Wirasaba ||
4.138 dadya Wirasaba samya ngili | bupatine ngumpul marang Daha | Apanji Kartayudane | Wirasaba wus rawuh | bupatine apanggih sêpi | pan sampun tinanêman | Kartayuda [121: Kar...tayuda] laju | ngrabasèng nagari Daha | wong Kadhiri pan sampun miyarsa warti | sanega mêthuk ing prang ||
4.139 apan lagya yun-ayunan jurit | kawarnaa Apanji Lamongan | sampun lumampah dutane | anggêpuk ing Sidayu | ramening prang kathah kang mati | kitha Sidayu bêdhah | panji sigra mangsuk | mingêr agitik ing Jipang | tan winarna ing marga ing Jipang prapti | lajêng campuh ing yuda ||
4.140 sira wadya ing Jipang kalindhih | wau Tumênggung Surawijaya | andêrojog duk kèngsêre | gugup tan polih kiwul | wong Lamongan gya wangsul malih | lajêng ngrabasèng Tuban | sêmana wus rawuh | ing Tuban campuh ing yuda | wadya Tuban ingamuk sadaya gusis | kuthane wus kancikan ||
4.141 kawarnaa kang anèng Kadhiri | duk samana campuh ing ayuda | Apanji Kartayudane | wong Kadhiri anggargut | wadya Surabaya mangungkih | ambuk angamuk rampak | wong Kadhiri mawur | sira Panji Kartayuda | sabalane sampun ngancik ing Kadhiri | anulup wong bang [122] wetan ||
54 dari 86