Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
42–43 dari 86
412–421 dari 852
4.013 ya mulane tan tulus dadya ji | Si Kêncèt atine tan raharja | nora têmên saujare | ya ta ingkang winuwus | Susunan Mas binakta aglis | minggah parau kapal | kang wadya kèh tumut | myang sawêkadharanira | tuwin sagung pusaka binakta sami | minggah dhatêng ing kapal ||
4.014 Sinuhun Pakubuwana nênggih | wus utusan dhatêng Surapringga | mundhuti Wiragunane | lan Mandurarêjèku | Arya Biron pinundhut mangkin | myang Arya Pulangjiwa | Mangunnagarèku | kumêndur datan lênggana | Sunan Kendhang wus macal[1] wadya angiring | binakta mring Jakarta ||
4.015 kêkalih mantri angrasa wani | ênêngêna ingkang lajêng mancal | ya ta kawarnaa mangke | kang mêntas mêrang pupuh | nagri Malang wus dèn obongi | mring wadya Balitaran | gègère gumuruh | Dipati Wiranagara | lan arine ngungsi dhatêng ing wanadri | arine binoyongan ||
4.016 nagri bang wetan sampun waradin [84: wa...radin] | arine Dipati Pasuruan | pawèstri binoyong mangke | punggawa pace iku | kang pinundhut mring sri bupati | Kiyai Wiraguna | lan sawadyanipun | kasrah mring Pangran Balitar | Arya Pulangjiwa pan minggat ing wêngi | umpêtan dhatêng wana ||
4.017 wau Arya Pulangjiwa nênggih | kala jênênge Susunan Êmas | Pangran Balitar wastane | sarêng Kendhang Sang Prabu | têluk marang Kartasura glis | pinundhut jênêngira | karsanya sang prabu | sampun nyênyami kang putra | winastanan Arya Pulangjiwa nênggih | mila sakit kang driya ||
4.018 nulya minggat nusul mring Kadhiri | mangke pinundhut marang sang nata | ki arya sangêt ajrihe | ing mangke sampun katur | yèn ki arya minggat ing wêngi | Jêng Pangeran Balitar | sangêt dukanipun | Ki Tumênggung Suralaya | Ki Barêbês wau kang kinèn ngulari | anasak wanawasa ||
4.019 Arya Pulangjiwa wus kapanggih | nèng madyaning wana Pasêdhahan | nulya pinêjahan age | murda pinocok sampun [85] | Ki Tumênggung Suralayèki | mantuk sawadyanira | praptèng ngarsa matur | dhatêng Pangeran Balitar | yèn Ki Arya Pulangjiwa wus ngêmasi | pangran trusthèng wardaya ||
4.020 Jêng Pangeran Balitar lingnya ris | Kandhuruan lawan Wilatikta | karoningsun kongkon age | lah iki layang ingsun | aturêna kangjêng rama glis | lan sakèh bêboyongan | pawèstri yu-ayu | kang saking nagara Malang | aturêna ing rama jêng sri bupati | kang kinon atur sêmbah ||
4.021 lan malihe Si Wiragunèki | Arya Tiron Si Wiranagara | tuwin Mandurarêjane | kapat gawanên mantuk | poma sira dèn ngati-ati | sira anèng ing marga | kang kinèn wotsantun | Kandhuruan Wilatikta | sigra mentar datan kawarna ing margi | prapta ing Kartasura ||
4.022 panggih lawan Cakrajaya panggih | Kandhuruan dyan binêkta seba | katur ing nata praptane | wus tinimbalan gupuh | tumamèng byantara narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sang nata alon ngandika | Kandhuruan ingutus apa sirèki | marang [86] ing gustinira ||
42–43 dari 86

 


macal. (kembali)