Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4–5 dari 6
55–56 dari 86
550–559 dari 852
4.151 pinaringan Garobogan nênggih | Suryawinata Sasrawinata | warnanên wau lampahe | Ki Kartanagarèku | sampun ayun-ayunan jurit | lan Panji Surèngrana | anèng Majalangu | Tumênggung Surawijaya | sampun kumpul lan Kyai Kartanagari | wus agêng barisira ||
4.152 kang Têmênggung Surawijayèki | wus siyaga lan sawadyanira [125: sa...wadyanira] | myang măncanagara kabèh | budhal arsa umanggut | Kyai Kartanagara nguni | kinarya tindhihira | panji sigra mêthuk | rame campuh ing ayuda | wadya măncanagara prangnya mangungkih | datan nêdya mundura ||
5. Durma
5.001 Panji Surèngrana pêngkuh ing ayuda | lawan Mangkunagari | myang wong Kartasura | buru-binuru samya | wadya lit kathah kang mati | sapih kang yuda | apan kasaput wêngi ||
5.002 kutha Jipang apan ta sampun kancikan | marang măncanagari | janji mundur sigra | dhatêng nagri Lamongan | wontên dasih tur udani | yèn nagri Tuban | sampun kancikan malih ||
5.003 mring ki răngga wong pasisir kang binêkta | Nglasêm Kudus lan Pathi | Ngrêmbang lan Juwana | Apanji Surèngrana | mila mundur sawadyèki | kang kawarnaa | Dewa Kaloran nênggih ||
5.004 prapta malih bêkta punggawa têtiga | prapta nagri Garêsik | dene kèhing bala | pitung atus sadaya | wastane punggawa katri | pun Dewa Soka | lan Dewa Sadesinggih [126] ||
5.005 Dewa Bagus wastane ingkang satunggal | Panji Surèngranèki | amanggihi sigra | marang Dewa Kaloran | prapta nagri ing Garêsik | Dyan Surèngrana | samya agunêm kawis ||
5.006 ri sampunnya rêmbagan Panji Lamongan | arsa banjêla malih | dhatêng nagri Jipang | sira Dewa Kaloran | bêktani satus wong Bali | wontên satunggal | têtiyang ing Garêsik ||
5.007 pan binakta dhatêng Panji Surèngrana | aran juragan Bali | agêng manahira | sugih wong têtêbusan | dêdêge agêng ainggil | kyai juragan | kêras ambêgirèki ||
5.008 kaduk wani tau aprang ing lautan | wus binakta tumuli | mangsah dhatêng Jipang | rabine ki juragan | ginadhe sadhatêng apanji |[1] kinèn ambêkta | marang ing Surawèsthi ||
55–56 dari 86

 


Lebih satu suku kata: ginadhe dhatêng apanji. (kembali)