Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
43 dari 86
421–430 dari 852
4.022 panggih lawan Cakrajaya panggih | Kandhuruan dyan binêkta seba | katur ing nata praptane | wus tinimbalan gupuh | tumamèng byantara narpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | sang nata alon ngandika | Kandhuruan ingutus apa sirèki | marang [86] ing gustinira ||
4.023 kang dinangu matur awotsari | dhuh pukulun kawula dinuta | mring putra dalêm wiyose | dahat anuwun bêndu | kamipurun ngaturi tulis | mèsêm sri naranata | kang sêrat pinundhut | nulya wau tinupiksa | mring sang nata wau bêbukaning tulis | kawula tur uninga ||
4.024 ing paduka jêng rama nêrpati | mangke kawula lananging yuda | angsal barkating rama jèng | nagari Malang gêmpur | pun Ngabèi Êlor ngêmasi | Ngabèi Kidul pêjah | nèng madyaning pupuh | dene ingkang amarjaya | abdi dalêm pun Wirasantika nênggih | langkung sudirèng rana ||
4.025 dene anakipun Surapati | pun Suraim lumajêng ing wana | lan pun Lêmbu Lêmbarane | prajurit kathah lampus | lan pawèstri kathah kang kari | katawan mring kawula | katura sang prabu | kabêkta pun Wilatikta | lawan malih pun Wiraguna anênggih | kalih Mandurarêja ||
4.026 katura jêng rama sri bupati | Arya Tiron lan Mangunnagara | nanging pun Pulangjiwane | minggat kalaning dalu | pan kacandhak [87: ka...candhak] wontên wanadri | pan lajêng pinêjahan | kang murda jinabut | dene nagari bang wetan | sawarnine pukulun sampun waradin | sami nungkul sadaya ||
4.027 nanging pusaka ing tanah Jawi | binakta ing dhatêng Batawiyah | kawula têdha tan awèh | langkung ngungun sang prabu | sapandurat tan kêna angling | wêkasan angandika | mring Cakrajayèku | hèh patih pangrasaningwang | nadyan kabèh pusaka ing tanah Jawi | binakta marang sabrang ||
4.028 ingkang rupa bêndhe tumbak kêris | apan nora dadi manah ingwang | nanging sok maksiha bae | santana Ngadilangu | lawan masjit ing Dêmak patih | lah iya wruhanira | rong prakara iku | pusaka ing tanah Jawa | ingkang anggêr datan ana malih-malih | ki patih atur sêmbah ||
4.029 sri narendra angandika malih | Cakrajaya sira utusana | marang ing Malang dèn age | nimbali putraningsun | tuwin sagung para bupati | kabèh padha muliha | barênga nak ingsun | ki apatih awotsêkar | sampun [88: sampu...n] mêdal wau saking kênyapuri | praptaning wijil pisan ||
4.030 prayayi gandhèk ingkang tinuding | animbali Pangeran Balitar | lumaksana ing lampahe | datan kawarnèng ênu | pabarisan duta wus prapti | panggih Pangran Balitar | dhinawuhan sampun | sira Pangeran Balitar | sampun undhang mring sagung para bupati | enjinge arsa budhal ||
4.031 tan winarna ing laminirèki | Pangran Balitar anulya budhal | kang wadya umyang swarane | pra putra Mandurèku | agêng alit samya angiring | marang Pangran Balitar | kang rama wus lampus | datan kawarna ing marga | lampahira nagri Kartasura prapti | katur marang narendra ||
43 dari 86