Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
45–46 dari 86
445–454 dari 852
4.046 lampahira Cakrajaya Patih | ya ta mampir ing loji samana | wus panggih lan kapitane | kapitan sampun tundhuk | sowan dhatêng sri narapati | surat agêng binêkta | wus praptèng kadhatun [93: kadhatu...n] | katur ing sri naradipa | tinupiksa bêbukane ingkang tulis | saking gurnadur jendral ||
4.047 nuhun pêjahe sang adipati | Surabuya[1] mirong ing palagan | sarta akathah ature | kapita sang aprabu | amiyarsa ungêling tulis | duka sajroning driya | muka sumung-sumung | èsmu bang awinga-winga | sotya andik sinamur sêmu tyas aji | alon wijiling sabda ||
4.048 hèh Apatih Cakrajaya aglis | kapitan sira gawaa mêdal | aja kuwatir manahe | ki apatih wotsantun | sampun prapta sira ing jawi | kapitan sarêng mêdal | marang lojènipun | ya ta wau sri narendra | siniwaka wau munggèng kênyapuri | arsa mangun pirêmbag ||
4.049 sampun dalu wayahe kang wêngi | Patih Cakrajaya tinimbalan | lawan Ki Citrasomane | lan Ki Wirasanèku | katri munggèng ngarsa narpati | ngandika sri narendra | hèh Cakrajayèku | kaya paran karêpira | liwat abot prakara kang muni tulis | panjaluke si jendral [94] ||
4.050 jaluk patine si adipati | Surabaya iya Si Jangrana | măngka praja pikukuhe | prasasat raganingsun | apan bauningsun kang kering | kang têngên ing Mandura | ing mêngko wus lampus | dadi kari bau kiwa | sayêktine hèh patih cotho ing kardi | tan ana kang ginarab ||
4.051 yèn tulusa jinaluk Kumpêni | Si Jangrana apan nora cêla | panjênêngan ingsun mangke | ki apatih wotsantun | datan sagêd matur ing gusti | myang Kyai Citrasoma | Ki Wiracanèku | katri sumungkêm pratala | datan sagêd mangsuli pangandika ji | angling sri naradipa ||
4.052 wong katiga yèn si adipati | Surabaya mungguh wong Walănda | iku akêdhik dosane | tuwin mring jênêng ingsun | nora nana dosane ugi | yèn mêngkono ta sira | utusana gupuh | marang ing besan Sêmarang | lah jalukên rêmbuge ingkang abêcik | êndi patut linakyan ||
4.053 tuwin layang kang saking Bêtawi | wangsulana [95: wangsula...na] warahên si jendral | aja kuwatir atine | anjaluk patinipun | si dipati ing Surawèsthi | ing mêngko Si Jangrana | anèng nagrinipun | lamun kinasap kewala | nora wurung gawe rusake wong cilik | lah warahên si jendral ||
4.054 lamun gêdhe nagri Surawèsthi | Si Jangrana abandhu santana | lawan akèh prajurite | ya wis mêtua gupuh | layang iki marang Samawis | dèn age lumakua | kang patih wotsantun | katri punggawa wus mêdal | saking pura sapraptanira ing jawi | Ki Patih Cakrajaya ||
4.055 nulya panggih lan duta Kumpêni | sêrat dalêm sinungakên sigra | kang duta wus mêsat age | Ki Cakrajaya gupuh | aputusan dhatêng Samawis | lumampah dhadhêmitan | tan ana kang wêruh | tuwin dhatêng Surabaya | Ki Apatih Cakrajaya kintun tulis | mring Dipati Jangrana ||
45–46 dari 86

 


Surabaya. (kembali)