Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
47–48 dari 86
464–473 dari 852
4.065 ri têtiga matur sarwi nangis | anungkêmi padane sang raka | amlas-arsa sêsambate | dhuh kakang dawêg ngamuk | suka ingsun pêjah ing jurit | tan arsa kantun wirya | lêhêng sarêng lêbur | sang adipati lingira | waspa mijil lah padha mênênga yayi | măngsa bodhoa ingwang ||
4.066 mila Sang Dipati Surèngwèsthi | kêdah dipun labuhi pribadya | bilih kawanguran têmbe | mring Kumpêni sang prabu | têmah rusak galih narpati | myang Dêmang Tanpanaha | sangêt aturipun | yèn paduka mêrgagaha | botên kalab anak putu dika benjing | ing sawingking paduka ||
4.067 pasthi kaliha ing Surawèsthi | sampun [99: sa...mpun] rêmbug Dipati Jangrana | sampun budhal sakadange | datan kawarnèng ênu | sakathahira sang adipati |[1] wus praptèng Kartasura | jujug wismanipun | dalême ing Surabayan | cinarita sampun dhatêng Kalicacing | datan wontên timbalan ||
4.068 kawarnaa komasaris prapti | Kartasura katur ing narendra | ngatasakên samuwune | Dipati Jangranèku | langkung onêng sri narapati | Surabaya tan pêgat | pan tinantun-tantun | ature sang adipatya | anglabuhi ing tapanira pribadi | pêjahipun kaura ||
4.069 panuwunipun sang adipati | pan nagari dalêm Surabaya | kang sinaosakên mangke | pun Jayapuspitèku | yèn marêngi galih narpati | sumiwèng Surabaya | mangkana cinatur | Sang Adipati Jangrana | sabên ari Sênèn Kêmis arêrêsik | madhêp ing karsa nata ||
4.070 duk sêmana amarêngi Kêmis | pêpak sagung ing mantri kang seba | myang punggawa satriyane | Dipati Surèngkewuh | dènnya sowan pan lagi prapti [100] | dèn iring para kadang | miwah mantrinipun | ki dipati tinimbalan | manjing pura ing kêmandhungan wus prapti | sigra Ki Garwa kăndha ||
4.071 lurah sarta lulus lawan malih | Nayagarwa lan Singanagara | kalih narik curigane | sang dipati sinuduk | pranèng jaja nulya ngêmasi | lan mantri jro sadaya | sarêng marjayèku | sirarya Jayapuspita | wruh ing wadi dene ta sang adipati | dangu tan ana mêdal ||
4.072 wadyanira samya dèn kêjèpi | wong Surabaya samya siyaga | miwah kang anèng pondhoke | sadaya sarêng rawuh | saragêni lan talangpati | abaris ing pagongan | arsa soroh amuk | watara wong kalih nambang | para mantri Kartasura ngati-ati | anarka dadya yuda ||
4.073 Ki Tumênggung Sumabrata prapti | saking pura dhawuhkên timbalan | hèh Ki Jayapuspitane | timbalane sang prabu | kakangira sang adipati | pinatèn ing sang nata | tanpa dosa tuhu | uripe karya narendra | mangkya mati angingêrakên nagari | sira kang gumantia [101] ||
4.074 alinggiha anèng Surawèsthi | ayya dadi onênging tyasira | Arya Jayapuspitane | mirsa timbalan prabu | waspanira adrês kang mijil | krodhanira sinapyan | sampunnya rawat luh | Ki Arya Jayapuspita | abêbisik marang Ki Sumabrata ris | kawula aturêna ||
47–48 dari 86

 


Lebih satu suku kata: sakathahe sang adipati. (kembali)