Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
41–42 dari 86
405–414 dari 852
4.006 lawan malih kawula tinuding | anêdha sagung ingkang pusaka | rama paduka kang akèn | amundhut Kyai Baru | lan rasukan Kiyai Gondhil | susunan dêlingira | apan èsmu bêndu | lah warahên si sudama | yèn dhèwèke kinongkon mring paman aji | mundhut kang babrêkatan ||
4.007 besuk yèn ingsun praptèng nagari | Surapringga dhuwung waos ingwang | miwah Kiyai Bicake | sun saoske gustimu | ingsun mangke dipun aturi | tindak mring Surabaya | lawan wadyaningsun | Kumpêni ingkang angundang | apanggiha lan ingsun nèng Surawèsthi | punang duta wus mêsat ||
4.008 saulihe caraka sang aji | nulya dhatêng nagri Surapringga | Kumpêni amêthukake | pêpanggihan ing ênu | Sunan Kendhang wus dèn aturi | tumanduka mring praja | lajêng lampahipun | wus prapta ing Surabaya | masanggrahan anèng wismane Dipati | Jangrana saha wadya ||
4.009 Kumpêni kurmatira nglangkungi | tuwin Sang Adipati [82] Jangrana | langkung pangupa subane | pan sêgahira pênuh | awaradin dhatêng pakathik | sagung kang ngiring nata | suka manahipun | Adipati Surapringga | munggèng ngarsa abukuh dènira linggih | myang Kumpêni sadaya ||
4.010 Tuwan Kumêndur umatur aris | yèn suwawi gusti sri narendra | lêhêng tumanduka age | mring Samarang pukulun | anggaliha lan komasaris | benjang yèn sampun prapta | Samarang sang prabu | lajênga mring Kartasura | pan paduka jinunjung dening Kumpêni | amêngku tanah Jawa ||
4.011 langkung trustha galihe narpati | amiyarsa Kumpêni turira | tuwin sagung ing balane | tan wruh ing ujar êmpuk | sigra wontên caraka prapti | saking Pangran Balitar | kawula ingutus | anênggih kang pasêmayan | Sunan Kendhang asugal dènira angling | warahên si sudama ||
4.012 halah disusul mring Surawèsthi | besuk yèn wus prapta Kartasura | dhuwung sun wèhakên dhewe | punang duta glis wangsul | sampun prapta ngarsaning gusti | katur kang pangandika | Sunan Kendhang [83: Ke...ndhang] wau | Pangran Balitar nglingira | dèn wêruha wong tuwa cidra ing jangji | ingsun kasap kewala ||
4.013 ya mulane tan tulus dadya ji | Si Kêncèt atine tan raharja | nora têmên saujare | ya ta ingkang winuwus | Susunan Mas binakta aglis | minggah parau kapal | kang wadya kèh tumut | myang sawêkadharanira | tuwin sagung pusaka binakta sami | minggah dhatêng ing kapal ||
4.014 Sinuhun Pakubuwana nênggih | wus utusan dhatêng Surapringga | mundhuti Wiragunane | lan Mandurarêjèku | Arya Biron pinundhut mangkin | myang Arya Pulangjiwa | Mangunnagarèku | kumêndur datan lênggana | Sunan Kendhang wus macal[1] wadya angiring | binakta mring Jakarta ||
4.015 kêkalih mantri angrasa wani | ênêngêna ingkang lajêng mancal | ya ta kawarnaa mangke | kang mêntas mêrang pupuh | nagri Malang wus dèn obongi | mring wadya Balitaran | gègère gumuruh | Dipati Wiranagara | lan arine ngungsi dhatêng ing wanadri | arine binoyongan ||
41–42 dari 86

 


macal. (kembali)