Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
48–49 dari 86
473–482 dari 852
4.074 alinggiha anèng Surawèsthi | ayya dadi onênging tyasira | Arya Jayapuspitane | mirsa timbalan prabu | waspanira adrês kang mijil | krodhanira sinapyan | sampunnya rawat luh | Ki Arya Jayapuspita | abêbisik marang Ki Sumabrata ris | kawula aturêna ||
4.075 dene kawula wus wruh kang wadi | pêjahipun kakang adipatya | wontêna dadya margane | ingkang sikara tuhu | pan kawula arsa nglabuhi | lan kang abdi sadaya | abela tumuntur | nanging kawula margagah | yèn kalilan sang nata sadintên mangkin | anumpêsi Wêlănda ||
4.076 Ki Sumabrata wus mêsat aglis | tumamèng pura cundhuk lan nata | sampun katur saature | Ki Jayapuspitèku | langkung èmêng galih narpati | pangulu ingandikan | suranata juru | samya kinèn andêdonga | pamrihira liliha krodhane uni | Arya Jayapuspita ||
4.077 Ki Sumabrata malih tinuding | mêdal saking pura wus apanggya | lan Arya Japuspitane | andhawuhakên wuwus | lah [102] ki arya timbalan aji | sri narendra tan arsa | mangkono sirèku | baris anèng panangkilan | wikan mangke yèn pakênira wus mijil | lawan sawadyanira ||
4.078 Arya Jayapuspita wus nolih | ambubarakên barisanira | wus bubar saha wadyane | lampahe ting kalênthung | ririh datan ngagèt-agèti | kadya wilangan tindak | wadya gung tan carub | lawung agathik tan ana | wong awatuk miwah ingkang nolih-nolih | lan rowange tan ana ||
4.079 sampun prapta sakiduling masjit | sajatining pamondhokanira | gêgaman sami anolèh | marêg mring alun-alun | datan owah tataning baris | wong sawiji tan ana | ingkang lajêng mantuk | marang pamondhokanira | lajêng gêgêr barisnya mêpêti margi | katur ing sri narendra ||
4.080 langkung wagugên tyasira aji | dene Ki Arya Jayapuspita | arsa angrêbut jisime | abela kadangipun | suka pêjah kalawan kapir | kang dahat aniaya [103: a...niaya] | mangkana sang prabu | andhawuhakên timbalan | hèh ki arya timbalanipun sang aji | andika kinèn bubar ||
4.081 lah bêngganga kalih păncaniti | ayya kasompokên barisira | yèn pakênira wus umbèr | manawa sang aprabu | angrojongi dimène wani | ing mangke datan arsa | ki arya tumungkul | duk bubar saking pagongan | lingsir kilèn dènnya anggêgêr sang aji | malah surub hyang surya ||
4.082 budhal ki arya sawadyanèki | ngalèr ngilèn tata barisira | lampahnya prapta Pakundhèn | ya ta kasaput dalu | rêrêp wadya ing Surawèsthi | ing dalu winursita | wontên dutanipun | nata saking jroning pura | Sumabrata lan Răngga Wanèngjiwèki | datan amawi rowang ||
4.083 pan abêkta tadhahan kêkalih | isi sêrat kalawan busana | sampun pinatêdhakake | lan reyal kalih èwu | sêrat dalêm sinuksmèng galih | miarsa kang ukara | ki arya asujud | sumungkêm [104: sumung...kêm] anèng pratala | sawungune Jayapuspita sru nangis | sarya atêbah jaja ||
48–49 dari 86