Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
48–49 dari 86
477–486 dari 852
4.078 Arya Jayapuspita wus nolih | ambubarakên barisanira | wus bubar saha wadyane | lampahe ting kalênthung | ririh datan ngagèt-agèti | kadya wilangan tindak | wadya gung tan carub | lawung agathik tan ana | wong awatuk miwah ingkang nolih-nolih | lan rowange tan ana ||
4.079 sampun prapta sakiduling masjit | sajatining pamondhokanira | gêgaman sami anolèh | marêg mring alun-alun | datan owah tataning baris | wong sawiji tan ana | ingkang lajêng mantuk | marang pamondhokanira | lajêng gêgêr barisnya mêpêti margi | katur ing sri narendra ||
4.080 langkung wagugên tyasira aji | dene Ki Arya Jayapuspita | arsa angrêbut jisime | abela kadangipun | suka pêjah kalawan kapir | kang dahat aniaya [103: a...niaya] | mangkana sang prabu | andhawuhakên timbalan | hèh ki arya timbalanipun sang aji | andika kinèn bubar ||
4.081 lah bêngganga kalih păncaniti | ayya kasompokên barisira | yèn pakênira wus umbèr | manawa sang aprabu | angrojongi dimène wani | ing mangke datan arsa | ki arya tumungkul | duk bubar saking pagongan | lingsir kilèn dènnya anggêgêr sang aji | malah surub hyang surya ||
4.082 budhal ki arya sawadyanèki | ngalèr ngilèn tata barisira | lampahnya prapta Pakundhèn | ya ta kasaput dalu | rêrêp wadya ing Surawèsthi | ing dalu winursita | wontên dutanipun | nata saking jroning pura | Sumabrata lan Răngga Wanèngjiwèki | datan amawi rowang ||
4.083 pan abêkta tadhahan kêkalih | isi sêrat kalawan busana | sampun pinatêdhakake | lan reyal kalih èwu | sêrat dalêm sinuksmèng galih | miarsa kang ukara | ki arya asujud | sumungkêm [104: sumung...kêm] anèng pratala | sawungune Jayapuspita sru nangis | sarya atêbah jaja ||
4.084 sampun mundur dutane narpati | wau Ki Tumênggung Sumabrata | Ki Răngga Wanèngjiwane | tumamèng ing kadhatun | kalih prapta ngarsa sang aji | ing dalu tan winarna | wadya Surèngkewuh | enjinge anulya budhal | sinangkalan paksa guna ngrasa wani |[1] bubare saking praja ||
4.085 tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Surabaya | Arya Jayapuspitane | agung mangan anginum | agêgabah marang ing dasih | akarya dulangmangap | sèwu pan winangun | talangpati gangsal nambang | sêsêliran tri nambang myang saragêni | abra ingkang busana ||
4.086 tan winarna solahirèng nguni | gênti wau ingkang kawuwusa | sang nata langkung èmênge | ing tyas nanging sinamun | sapêjahe sang adipati | jinaluk mring Walănda | sang nata kaduwung | ngrasa tan darbe manggala | ing tyas èmêng Ratu Kancana udani | yèn nata gung sungkawa [105: sungka...wa] ||
4.087 kangjêng ratu ature mlas-asih | marma dados wuyunge punapa | sri narendra timbalane | wruhanira bok ratu | ing patine Sang Adipati | Surabaya pan măngka | bau kiwaningsun | mêngko bineka Walănda | yêkti cêla panjênêngan ingsun aji | praja tanpa manggala ||
48–49 dari 86

 


Tanggal: paksa guna ngrasa wani (AJ 1632). Tahun AJ 1632 jatuh antara tanggal Masehi: 24 Maret 1708 sampai dengan 12 Maret 1709. (kembali)