Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
49–50 dari 86
483–492 dari 852
4.084 sampun mundur dutane narpati | wau Ki Tumênggung Sumabrata | Ki Răngga Wanèngjiwane | tumamèng ing kadhatun | kalih prapta ngarsa sang aji | ing dalu tan winarna | wadya Surèngkewuh | enjinge anulya budhal | sinangkalan paksa guna ngrasa wani |[1] bubare saking praja ||
4.085 tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta nagri Surabaya | Arya Jayapuspitane | agung mangan anginum | agêgabah marang ing dasih | akarya dulangmangap | sèwu pan winangun | talangpati gangsal nambang | sêsêliran tri nambang myang saragêni | abra ingkang busana ||
4.086 tan winarna solahirèng nguni | gênti wau ingkang kawuwusa | sang nata langkung èmênge | ing tyas nanging sinamun | sapêjahe sang adipati | jinaluk mring Walănda | sang nata kaduwung | ngrasa tan darbe manggala | ing tyas èmêng Ratu Kancana udani | yèn nata gung sungkawa [105: sungka...wa] ||
4.087 kangjêng ratu ature mlas-asih | marma dados wuyunge punapa | sri narendra timbalane | wruhanira bok ratu | ing patine Sang Adipati | Surabaya pan măngka | bau kiwaningsun | mêngko bineka Walănda | yêkti cêla panjênêngan ingsun aji | praja tanpa manggala ||
4.088 yèn patuta kadya sun belani | kangjêng ratu wruh sêmuning nata | yèn sangêt ngêmu dukane | ngrarêpa aturipun | pan kawula nênuwun ugi | dipun emut paduka | dèn angeman sunu | kang wirayat eyang sultan | ing Mêntaram ing benjing bala Kumpêni | milya misesèng Jawa ||
4.089 lagya eca ngandika narpati | pan kasaru wau lêbêtira | Ki Patih Cakrajayane | atur uningèng prabu | yèn kang paman mangkya ngêmasi | Pangran Natakusuma | sang nata angungun | Cakrajaya ingandikan | praptèng ngarsa ngandika sri narapati | Paman Natakusuma ||
4.090 atmajane gêntèkna agipih | lah jênênga Pangran Pringgalaya [106: Pring...galaya] | ayya owah salinggihe | Cakrajaya wotsantun | sigra mêdal saking ing puri | sapraptanirèng jaba | dhinawuhkên sampun | yèn Pangran Natakusuma | atmajane ginêntèkakên lêlinggih | Pangeran Pringgalaya ||
4.091 aparentah sang sri narapati | luwang karta Mantaram kinarya | bumi gêdhe mantuk gêdhe | numbak anyar wong sèwu | kang panumping mantuk panumping | gêni tiga winayang | ing siti kaetung |[2] tunggil warsa Ngenta-enta | wong kêraman sêmana angadêg baris | awasta Ki Mas Dana ||
4.092 Ngenta-enta wus agêng kang baris | wong Mantaram sampun suyut sadaya |[3] kang mogok ginitik age | samono nuli katur | mring Ki Jayawinata aglis | anulya linurugan | Ngenta-enta rawuh | sampun cêcampuh ing ayuda |[4] ramening prang Jayawinata kalindhih | wadyane kathah pêjah ||
4.093 Dêmang Jayawinata mangkya glis | pan lumajêng marang Kartasura | atur uninga karsane | Ki Dana kang winuwus | apan karya punggawa mantri | akèh [107: a...kèh] patinggi desa | kang dadya tumênggung | wus andadi barisira | Kyai Dêmang Jayawinata wus prapti | nagari Kartasura ||
49–50 dari 86

 


Tanggal: paksa guna ngrasa wani (AJ 1632). Tahun AJ 1632 jatuh antara tanggal Masehi: 24 Maret 1708 sampai dengan 12 Maret 1709. (kembali)
Tanggal: gêni tiga winayang ing siti (AJ 1633). Tahun AJ 1633 jatuh antara tanggal Masehi: 13 Maret 1709 sampai dengan 1 Maret 1710. (kembali)
Lebih satu suku kata: wong Mantaram pun suyut sadaya. (kembali)
Lebih satu suku kata: sampun campuh ing ayuda. (kembali)