Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
4 dari 6
50–51 dari 86
494–503 dari 852
4.095 timbalanira sri narapati | yèn Ki Dana kacêkêl ing yuda | dèn gawaa urip bae | sang nata arsa dulu | lawan malihipun punagi | yèn prapta Kartasura | dènira anglampus | kinarya pangewan-ewan | dèn rampoga ingêdom wong sanagari | kocapa kang lumampah ||
4.096 Pangran Pringgalaya sampun prapti | Ngenta-enta lan sagung punggawa | sigra pinapag yudane | rame dènira pupuh | Kartasura punggawa prapti | samya ngantêp ing yuda | sadaya anggargut | samya jrih timbalan nata | myang Pangeran Pringgalaya angawaki [108: anga...waki] | wong karaman kèh pêjah ||
4.097 Ki Mas Dana lumayu agêndring | binuru dening wong Kartasura | mring Barabudhur puruge | ardi sigra kinêpung | pan kancandhak[1] Ki Dana aglis | binănda wus ginawa | mring Kartasurèku | wong cilik kang binoyongan | sigra budhal Pangeran Pringgalayèki | miwah sagung punggawa ||
4.098 sampun prapta ing Kartasurèki | katur marang kangjêng sri narendra | yèn pun Dana kacêkêle | karsanira sang prabu | kinon ngrampog ngêdom tumuli | marang wong sanêgara | ingundhangkên sampun | dèn ugêr waringin kêmbar | abdi dalêm kaparak lêkas rumiyin | nulya gantya kaparak ||
4.099 sawusira gêdhong wadya Jawi | kang gumanti ngrampog ing dom sigra | anulya ingundhangake | mring wong sanêgarèku | pan kacatur ing tigang ari | jisimipun kinênthang | anèng alun-alun | nulya pinocok kang murda | wus pinanjêr gêmbunge dipun pênêdi | pinêtak anèng endra ||
4.100 gantya warsa kang [109] ingucap malih | maratuwanya Kyai Mas Dana | Ki Gêdhe Pacukilane | katur marang sang prabu | yèn belani mantunirèki | nêdya băngga ing raja | ngadêg barisipun | sêmana wus linampahan | pra punggawa praptèng Pacukilan nênggih | Ki Gêdhe wus kapêdhak ||
4.101 apan dora kang matur nrêpati | apan ki gêdhe tan munasika | sêmana arsa mêmule | ki gêdhe dyan pinikut | marang sagung para dipati | pinocok ingkang murda | katur ing sang prabu | myang sutane pinêjahan | tunggil warsa Tumênggung Kartanagari | linungsur linggihira ||
4.102 mantun dènira dadi pêpatih | pan kinarya wadana panêkar | pan kawindu sêngkalane | warsa têtiga ratu | duk pepatih dadya sawiji | Tumênggung Cakrajaya | maksih lumastantun | parentahing tanah Jawa | tunggil warsa Ki Wiracana ing mangkin | mangun masigit Dêmak ||
4.103 sirapipun kang dipun salini | sri narendra ambêktani arta | apan ta sèwu kathahe [110: kathah...e] | lamine tigang tèngsu | Ki Tumênggung Wiracanèki | jênêngi anèng Dêmak | sawusira mantuk | sapraptane Kartasura | tan alami Ki Wiracana ngêmasi | angungun sri narendra ||
4.104 duk uripe Ki Wiracanèki | abdi dalêm gêdhong kering kanan | Wiracana têtindhihe | myang wong kaparak iku | wadanane amung satunggil | pangeran ing Balitar | pan têtindhihipun | pan mangkana cinarita | sri bupati arsa amêmantu nênggih | kang wayah kalih pisan ||
50–51 dari 86

 


kacandhak. (kembali)