Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
66–67 dari 86
658–667 dari 852
5.107 kang turăngga lir sela agêng nglêgarang | dhadhap tamèng lan tamsir | tinon kadi mina | angambang ing samodra | amor lindhu andhatêngi | angrèn prabata | megung lir ruging ardi ||
5.108 kang akasa kêlap-kêlap kadi bêlah | liwêran kilat thathit | lintang sumamburat | tinon kadi kiyamat | bala Kumpêni sirnanting | sisaning pêjah | lumayu ngungsi biting ||
5.109 kang pangawat kiwa ingkang tinarajang | mring Mantri Surawèsthi | tandange lir buta | sira Jaka Tangkêban [146] | ingkang kinarya têtindhih | kuwêl kewala | mungsuh bala pasisir ||
5.110 sira Jaka Tangkêban angamuk ngampak | kang tinarajang isis | Dipati Janingrat | sumyur sabalanira | dèn amuk ing para mantri | wong Pakalongan | samya lumayu wingwrin ||
5.111 ya ta wau Apanji Wiranagara | wadyabala ing Têgil | datan antuk papan | gêgêr madyèng palagan | tinarajang ngarsèng wuri | myang kering kanan | wadyabala ing Têgil ||
5.112 samya dheprok tan ana ingkang lumajar | kawratan sihing gusti | wadyèng Surabaya | asru panêmpuhira | wong ing Têgal dèn bêdhili | tur tinowokan | pinasêr cèkèl biring ||
5.113 kacarita Tumênggung Wiranagara | darbe ari satunggil | aran Ănggrayuda | nangis nungkêmi pada | tuwin ingkang para mantri | samya karuna | ature mêlas-asih ||
5.114 dhuh gustiku Dipati Wiranagara | lumayua tumuli | rêbuta Kuripan | ngungsia pabitingan | patine kula andhêmi | anggèr [147: ang...gèr] paduka | tulusa mukti sari ||
5.115 sira Panji Wiranagara ing Têgal | amicara ing galih | nadyan lumayua | măngsa wurunga pêjah | mendah ucape ing bumi | ingsun lumajar | benjang nak putu mami ||
5.116 sri narendra tan arsa ngawulakêna | utamaning bupati | dhatêng adilaga | angling Wiranagara | kèh sakèhe sanak mami | ngong milya pêjah | mring sira ambelani ||
66–67 dari 86