Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
67–68 dari 86
670–679 dari 852
5.119 kang abêkta bawat lante lan kandhaga | pêjah ngarsaning gusti | sira Sang Apanjya | Wiranagara Têgal | jajanira kêrêp kanin | bating baluncar | niba nulya ngêmasi ||
5.120 marang gone kalih [148: ka...lih] atus ingkang pêjah | parêka lawan gusti | wadya Surabaya | samya angêmu waspa | miyat kunarpanya Panji | Wiranagara | bagus lêgawèng pati ||
5.121 kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | mundur saking ajurit | Kumpeni kèh rusak | kumêndur ing Samarang | tan pisah lawan ki patih | sabalanira | angungsi marang biting ||
5.122 kang pangawat têngên wus sumyur sadaya | datan amăngga pulih | akèh kang palastra | kang gêbyur ing jro toya | lan Ki Tohjaya Ngabèi | tumut mêngawat | kanan sarowangnèki ||
5.123 sêdyanira Kyai Ngabèi Tohjaya | sêdya nanggulang jurit | pan kèlês ing wadya | ingkang sami lumajar | dadya akiwul tan polih | wêkasan misah | wêkasan turut kali ||
5.124 wus lumêbêt marang jroning pabitingan | panggih lawan ki patih | sami ngungunira | ature Ki Tohjaya | kiyai dika tangguhi | sampun lumajar | darapon tiyang alit ||
5.125 wontêna pangusènira kang lumajar | tuwin bala Kumpêni | sasisaning pêjah | dene jasat kawula | paduka damêl pangarsi | Ki Cakrajaya [149] | langkung trustha kang galih ||
5.126 amiyarsa ature Kyai Tohjaya | nulya bala pasisir | kang sami lumajar | wus sami tinimbalan | kacarita kyai patih | adarbe wadya | kathahe wolung dèsi ||
5.127 lagya nêdhêng warnane samya taruna | rinayat tur ginalih | nênggih ingaranan | têtiyang trunasura | sami akulambi kuning | asikêp watang | mamanji ninggring jinggring ||
5.128 dene wadya kapatihan ingkang kathah | anèng pangawat kering | myang pangawat kanan | Kiyai Sutayuda | ingkang minăngka têtindhih | lan Ekatruna | sami angrêksa biting ||
67–68 dari 86