Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
67–68 dari 86
664–673 dari 852
5.113 kacarita Tumênggung Wiranagara | darbe ari satunggil | aran Ănggrayuda | nangis nungkêmi pada | tuwin ingkang para mantri | samya karuna | ature mêlas-asih ||
5.114 dhuh gustiku Dipati Wiranagara | lumayua tumuli | rêbuta Kuripan | ngungsia pabitingan | patine kula andhêmi | anggèr [147: ang...gèr] paduka | tulusa mukti sari ||
5.115 sira Panji Wiranagara ing Têgal | amicara ing galih | nadyan lumayua | măngsa wurunga pêjah | mendah ucape ing bumi | ingsun lumajar | benjang nak putu mami ||
5.116 sri narendra tan arsa ngawulakêna | utamaning bupati | dhatêng adilaga | angling Wiranagara | kèh sakèhe sanak mami | ngong milya pêjah | mring sira ambelani ||
5.117 wadyabala ing Têgal kakehan lawan | kiwul-kiwul tan palih | mantri Surabaya | langkung sudirèng rana | lagya winongwong Hyang Widdhi | jinajayèng prang | marma tan olih tandhing ||
5.118 ki tumênggung ing Têgal lir Partatmaja | duk rinêbut ing jurit | mring sata Korawa | ingkang para santana | kathahira kawan dèsi | tumpês sadaya | siji tan ana kari ||
5.119 kang abêkta bawat lante lan kandhaga | pêjah ngarsaning gusti | sira Sang Apanjya | Wiranagara Têgal | jajanira kêrêp kanin | bating baluncar | niba nulya ngêmasi ||
5.120 marang gone kalih [148: ka...lih] atus ingkang pêjah | parêka lawan gusti | wadya Surabaya | samya angêmu waspa | miyat kunarpanya Panji | Wiranagara | bagus lêgawèng pati ||
5.121 kawarnaa Ki Tumênggung Cakrajaya | mundur saking ajurit | Kumpeni kèh rusak | kumêndur ing Samarang | tan pisah lawan ki patih | sabalanira | angungsi marang biting ||
5.122 kang pangawat têngên wus sumyur sadaya | datan amăngga pulih | akèh kang palastra | kang gêbyur ing jro toya | lan Ki Tohjaya Ngabèi | tumut mêngawat | kanan sarowangnèki ||
67–68 dari 86