Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
69–70 dari 86
685–694 dari 852
5.134 marang sira sapisan iki kewala | wong trunasura bali | sabên arsa mênggak | Dipati Cakrajaya | kadya mêngkana dènnya ngling | wong trunasura | dadya kukuh ing jurit ||
5.135 pra punggawa pasisir mawur sadaya | samya ngungsi ki patih | bala Surabaya | asru pambujungira | kang kacandhak dèn tumbaki | wong pangasalan | kathah longe kang mati ||
5.136 Ki Tumênggung Puspanagara ing Batang | maksih kathah kang ngiring | lumayu lon-lonan | angungsi ki apatya | sarêng cêlak lan ki patih | wong trunasura | wau ingkang nulungi ||
5.137 sampun kumpul lan ki patih Cakrajaya | wus binubuhan biting | Kyai Citrasoma [151] | myang Dipati Janingrat | anunggal dadi sawiji | wong Surabaya | kang bujung samya prapti ||
5.138 anêrajang bitinge Ki Ekatruna | sampun campuh ing jurit | Kyai Ekatruna | rame dènira yuda | anênggih katiban mimis | jajanya bêngkah | niba nulya ngêmasi ||
5.139 kancanipun pan sami mawur sadaya | bala ing Surawèsthi | tandange lir buta | minggah mring pabitingan | ki patih angatag aglis | wong truna sura | kang kinèn anulungi ||
5.140 myang Kumpêni samya guntur ing sanjata | nanging kasaput wêngi | mantri Surabaya | mundur sarwi ambêkta | kunarpanira Apanji | Wiranagara | sawadyane kang mati ||
5.141 karsanira pinêtak ing Surabaya | sasanake kang lalis | ayya kênthang-kênthang | binêkta mring jro kitha | Ki Arjapuspitèki |[1] mundur mring kitha | kang wadya samya ngiring ||
5.142 praptèng jawi sigra anabuh gamêlan | monggang pinirsa asri | bala Kartasura | angrês sêngkalanira | lar dadi bocahing bumi | kang kawuwusa | arsa nukup ing jurit ||
5.143 Surèngrana wus budhal sing wana Jipang | arsa [152: ar...sa] nukup ing jurit | bala Kartasura | kang abaris Sapanjang | lampahira sampun prapti | ing Surabaya | sabalanya umiring ||
69–70 dari 86

 


Kurang satu suku kata: Kyai Arjapuspitèki. (kembali)