Tembang macapat

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kartasura, Anonim, akhir abad ke-19, #1847

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
5 dari 6
70–71 dari 86
692–701 dari 852
5.141 karsanira pinêtak ing Surabaya | sasanake kang lalis | ayya kênthang-kênthang | binêkta mring jro kitha | Ki Arjapuspitèki |[1] mundur mring kitha | kang wadya samya ngiring ||
5.142 praptèng jawi sigra anabuh gamêlan | monggang pinirsa asri | bala Kartasura | angrês sêngkalanira | lar dadi bocahing bumi | kang kawuwusa | arsa nukup ing jurit ||
5.143 Surèngrana wus budhal sing wana Jipang | arsa [152: ar...sa] nukup ing jurit | bala Kartasura | kang abaris Sapanjang | lampahira sampun prapti | ing Surabaya | sabalanya umiring ||
5.144 kawarnaa Tumênggung Surawijaya | sampun miyarsa warti | lamun Surèngrana | bodhol saking ing wana | sigra nusul sawadyèki | praptèng Sapajang | masanggrahan tumuli ||
5.145 bala Kartasura asrêp manahira | ingkang samya abaris | anèng ing Sapajang | watawis tigang dina | wong Surabaya dhatêngi | rame kang yuda | wanci ing madya ratri ||
5.146 Rănggalawe saking lor dènnya narajang | Surèngrana Apanji | nêmpuh saking wetan | Apanji Kartayuda | saking kidul andhatêngi | wong Kartasura | lir gabah dèn intêri ||
5.147 Ki Tumênggung Surawijaya ing Jipang | sura pêngkuh ing jurit | wadyabala Jipang | nênggih karoban lawan | ingurugan dhusun lêmbing | pasir myang panah | binendrongan ing bêdhil ||
5.148 wadya Jipang akathah ingkang palastra | wong Bali samya gusis | Ki Surawijaya | datan arsa mundura | binendrongan dening bêdhil | nanging tan pasah | ingurugan jêmparing [153] ||
5.149 maksih gêgêr Tumênggung Surawijaya | sigra dipun pasiri | kêna jajanira | apan bucêg satuma | ingusap karaos sakit | kang kawarnaa | Kyai Kartanagari ||
5.150 karsanira atêtulung ing ayuda | sampun dipun ajangi | mring wong Surabaya | datan pantuk tulunga | dènnya jurit têngah wêngi | kongsi raina | sampun pisah kang jurit ||
70–71 dari 86

 


Kurang satu suku kata: Kyai Arjapuspitèki. (kembali)